Bocah Iku
(Dening Abdiani Luthfiana Ulya - Pembina Arinis Shofifah,S.Pd)
Bruggg!..
Dakbanting tas sekolahku kang kebak buku kandel ing dhuwur meja. Sanalika
kanca-kanca kang ana sajroning kelas ndelengi aku kanthi pasuryan kang sinis.
Aku ora ngerti kenapa kanca- kancaku sakelas ketingal ora seneng karo awakku.
Apa aku wis gawe luput? Nanging wiwit aku malebu ing sekolah iki minangka murid
anyar ora ana kanca sakelas kang gelem srawung karo aku. Beda ing kelas liya,
aku malah luwih akrab karo kancaku beda kelas. Mula yen wektu ngaso aku asring
dolanan ing kelas e Mima, salah sawijining kancaku.
Bel rampung ngaso wis dakrungokake. Banjur aku bali
menyang kelasku lewat cedaking lapangan lan ndelengi bocah lanang bal-balan.
Nanging Dugg sirahku..
***
Srengenge kang saya mlaku menyang kulon ndadekake saya
panas. Aku pengin mulih sore wae supaya ora panas kaya ngene. Aku lungguh ing
pinggir pos satpam amarga durung pengin mulih. Sanalika agawe aku kaget ana
bocah lanang ngenani awakku amarga dikerjani kanca- kancane. Bocah lanang iku
langsung njaluk sepura marang aku, nanging kanca- kancane iku wis agawe nesune
atiku, akhire aku ninggalake bocah- bocah lanang iku.
Mulih sekolah aku mlaku dhewe menyang omah. Ing tengah
dalan aku isih nesu dewe amarga bocah lanang mau. Ing tengah anggonku mlaku aku
ningali ana bocah wadon kira-kira beda 8 tahun luwih muda saking umurku lungguh
ing andhap wit nangka ing kebon pinggir dalan. Bocah wadon iku nangis lan
ndelikake raine ing tangane kang cilik. Ora ana wong ing cedaking cah wadon
cilik mau. Ndeleng bocah cilik iku agawe aku lali marang rasa nesuku. Mula aku
mandheg lan ndelengi bocah iku. Awake putih resik, klambine lan ageman resik
lan apik , bocah iku mesti dudu pengemis, pikirku. Aku saya mlaku nyedaki bocah
iku,
“dhik, kenapa
nangis, lha ibu lan bapakmu ngendi?”, aku menehi pitakon bocah iku kanthi
ngati- ati kuwatir yen bocah iku mlayu lan wedi karo aku.
Bocah iku ngangkat
sirah e, pasuryan e kang menik-menik ayu dadi katon.
“ Ana ing mobil,
mbak..”, wangsulane kanthi suwara kang serak lan alon.
Aku namat o nggonku ndelengi bocah wadon iku, tak deleng
sepatu ing sikile mung saksisih. Apa bocah iki kepisah karo wong tuwane ya? Ora
mungkin yen bocah ayu ngene ditinggal. Bocah iku nyekeli wetenge nanging aku
wus seneng ndeleng bocah iku wis ora nangis.
Sepi kahanan ing anggonku lungguh mbaturi aku mikir lan
ngelamunake bocah cilik wadon iku. Aku ora tega yen ninggal bocah cilik ing
kene dhewean. Tinimbang aku lagi mulih sekolah menyang omah akhire bocah wadon
iku dak takoni,
“ Dhik, apa kowe gelem dak ajak menyang omah?” aku
ngandharake pitakon sing wis dakpikir.
“ Mmm” andhare bocah iku kanthi manthuk- manthuk. Sampek
ing omah bocah wadon iku dak ajak mangan, bocah iku ketingal lesu mula lahap
anggone mangan.
“Matursuwun mbak, maem e enak” , andhare wektu mangan lan
cangkeme isih kebak sega. Aku mung mesem lan seneng ndelengi bocah wadon kang
isih polos iku.
“Dhik, sawise iki dak ter ing pak RT ya, amarga aku ya
ora ngerti wong tuwamu ing ngendi. Oya , jenengmu sapa dhik? ”
“Sita mbak. Aku kaya rada eling wong tuwaku ing pundi
mba, nanging kula isih lali. Yen angsal, kula pingin melu sampeyan ing mriki
dhisik mba? Mengko yen kula eling sampeyan dak kandari.”
“yen mangkono pinginmu ya uwis dek Sita, aku dak matur
pak RT dhisik.” , wangsulanku.
Aku malah seneng yen ana sing baturi aku amarga aku
ditinggal wong tuwaku seminggu, batinku. Sita wis ketingal bungah padhal durung
ketemu wong tuwane mula aku melu seneng. Seneng ndeleng bocah iki lucu lan
sopan.
Sesuk e aku menyang sekolah kaya biyasane. Sita dak
tinggal ing omah, bocah e mung manthuk- manthuk wektu dak kandari aku menyang
sekolah lan ninggalake Sita. Dina iki aku luwih bungah timbang dekwingi.
Teett.. bel mulih wis karungon ing kupingku.
Aku mulih mlaku kaya biyasane. “Mbaaak..” ana suara kang
dak kenali nimbali aku ing dalan kang sepi iki. Ya, iku suwarane sita. Bocah
cilik iku mlayu nyedhak aku karo ngguyu.
“Kowe lagi apa ta dek? Kok metu saka omah, mengko yen
kowe lali dalan lho.” Pitakonku kanggo Sita lan nggoda bocah wadon iku.
“Mboten mbak, kula sampun iling dalan kok” jawab e karo
ngguyu, agawe tambah lucu pasuryan e.
Aku mung isa mesem ndelengi sita. Sampe ing dalan ana
telu bocah lanang kang melu ngguyu ndeleng aku, padahal aku ora ngguyu karo
bocah lanang iku. Amarga agawe aku wedi,
mula aku saya mlaku banter karo nggandeng tangan cilike Sita.
***
Dina iki pr ku numpuk sak gunung anakan. Kabeh pelajaran
sesuk ana pr. Kenapa kabeh guru ora gelem ana sing ngalah, yen menehi PR
urakan. Astagfirullah.. Ora becik yen aku ngersula kaya ngono. Guru mono mung
pengin murid e sinau lan agawe pinter. Pikirku nyadarake yen aku mung mikir
ala. Luwih becik yen aku ngejakake sabisaku, mengko hasile urusan mburi.
“ Dek Sita kowe dak tinggal nggarap PR ya, dina iki PR ku
kathah”, andharku karo Sita, kuwatir yen bocah iku wedi marang aku sing mau
nesu lan ngersula dewe.
“ Nggih mbak, napa purun dak rewangi hihi? “wangsulane
sambi ngguyu nggoda.
“ Suwun dek, gak usah. Kowe dolanan dewe ya” Wiwit bar
sholat isyak aku sinau tanpa omongan karo sita, iku paling amarga aku wis biasa
dewe.
Kriinggg.. alarm hp ku muni. Astagfirullah.. aku lagi
iling yen pr ku durung rampung.
Nanging bukuku wis tutup lan dak deleng pr ku wis rampung
kabeh, apa sita ya sing ngrampungna? Nanging bocah iku isih cilik, pinter tenan
bocah iku. Sita isih turu. Banjur aku siap- siap sekolah kaya biasane.
...Mulih sekolah Sita ngenteni ing panggonan kaya
biasane. Bocahe ngomong yen sita wis iling badhe nemoni wong tuwane. Bocah iku
nggandeng aku lan nduduhake panggonan kang ana mobil kang nabrak wit gedhe
cedak ing ngisor jurang. Aku dadi merinding bocah iku nduduhake mobil iku. Saka
adoh aku ndeleng saksisih sepatu kaya sing dinggo sita. Mula aku nyedak i mobil
iku lan ing jero ana 3 wong ana 1 cah cilik nanggo klambi podo kaya sita lan
sepatu mung saksisih. Ora krasa luh ku ngalir banjur aku nelpon polisi. Nanging
1 kaluarga sajroning mobil iku sampun seda sedaya.
aku isih ing panggonan iku wektu polisi teka lan evakuasi
mobil kecelakaan iku. Lagek iling Sita, aku nggoleki bocah cilik iku. Ora suwe
aku isa ndeleng bocah iku. Bocah iku banjur dadadada marang aku lan mlaku saya
ngadoh saka panggonku ngadeg. Aku lagi mangerteni bocah iku. Sita saya adoh lan
ilang saka pandelengku.
***
Aku
mbuka mataku lan tangi saka turuku. Aku wis ing duwur kasur lan dakdelengi
sakubengku, aku lagi ana ing UKS sekolah. Aku lagi eling yen aku mari kesenter
bal ing pinggir lapangan. Aku ndeleng jam ing tanganku wis jam 2 awan, sedhela
maneh bel mulih muni. Tasku wis ana ing pinggirku, dadi aku langsung mulih wae
tanpa mampir kelas. Aku mulih mlaku dhewean. Ing dalan ing panggonan iku
ndadekake aku eling yen sajroning turuku wektu ing UKS aku ketemu Sita. Mula
aku sadar yen bocah cilik iku mung kembang turu