Keplayu Dhemit
Ngganteng
(Dening Deasy Fitria Ramadhani - Pembina : Arinis Shofifah,S.Pd )
Iya iki aku, bocah wadon umur pitulas
tahun sing biyasane dadi "doktering katresnan". Cita-citaku sakjane
dadi dokter tenanan senajan aku ora pinter pelajaran biologi, doktering
katresnan dadi penggawean sampinganku. Piye maneh? Kanca-kancaku mesti njaluk
pitulung aku, mbuh ya tutorial dadi jomblo sing apik utawa saran kepriye carane
nglaliake wong kang di sengsemi. Kadhang aku bingung. Kenapa kok takon aku?
Umpamane kancaku siji iki, dheweke lagi
pengenbmove on tekan "mantan" gebetane. Aladane sepele, jerene mantan
gebetane kuwi ora peka. "Piye carane move on, bi?" Pitakone kancaku
kang tak sensor jenenge.
"He? Carane ? Sing pertama buwak kabeh samubarang
ngenani dheweke. Umpamane fotone sing kok screenshot ing instagram,"
ucapku santai.
"Terus?" Pitakone maneh.
Lambene ndomblong ngenteni jawabanku.
"Terus kowe kudu janji karo awakmu
dhewe kudu iso nglaliake dheweke," ucapku. Dheweke manthuk-manthuk banjur
mlaku metu saka kelas.
Dina iki aku lumayan kesel. Aku nganti
ora bisa tuku jajan ing kantin lan saiki wetengku dadi lesu banget. Pasienku
padha ngantri njaluk saran tresna. Aduh, pegel kabeh awakku!
Kriiiiing....kriiiiing.....
Walah wayahe mulih sekolah, bubar iki
arep ndeleng anime lan mangan keripik kentang. Mesti uenak. Mulih sekolqh aku
mampir ing indomaret tuku keripik kentang, wafer coklat lan lolipop. Banjur
mulih numpak sepeda unta sing paling tak sayangi.
Ing tengah dalan kang wes cedhak ing kompleks omahku, tak
deleng langite mendung. Banyu ufan ceblok nelesi sragam putih-putihku. Duh,
mati aku! Tak pancal cepet sepeda untaku. Nalika aku ngusap mripatku kang kena
banyu udan, aku ora sengaja nabrak bocah lanang kang nyebrang ing dalan. Bocah
lanang kuwi tiba ing tengah dalan. Banjur tak parani bocah lanang kuwi.
"Eladalah! Ya Allah sepurane yo aku
wis nabrak awakmu," ucapku nang bocah lanang kuwi.
"Iyo ora popo," wangsule cekak
banjur mgadheg lan ngresiki klambine.
Untunge bocah kuwi ora kena apa-apa,
banjur aku mulih ing omah. Ing prasasatku, aku tau ngerti bocah kuwi. Tapi ing
ngendi?
Alhamdulillah teka omah sragamku ora pati teles. Dadine
mulih langsung adus banjur ngadep laptop ndeleng anime sing tak senengi.
"Ya Allah!" Aku saiki eling,
bocah lanang mau mirip karo lakon ing anime. Rambute, wajahe lan swarane mirip
banget karo lakon kuwi. Bener wae aku ngeroso tau ngerti. Nanging sapa ya bocah
kuwi?
“Hei bi, kadungaren kowe budhal esuk.
Kesurupan setan opo kowe iki?” tembunge lintang rada ngenyek.
“Astaghfirullah,
kowe iki kanca budhal esuk malah ngomong sing aneh-aneh,” ucapku rada gela
banjur lungguh ing lungguhanku.
“Yo
sepurane to bi, biasane kan kowe tekan sekolah 3 menit sadurunge bel,” tembunge
Lintang maneh, saiki omongane dadi luwih ngenyek.
“Kan
gue mau jadi lebih baik bro,” ucapku santai.
“Guaya
tenan kowe ngomong nganggo basane cah Jakarta. Yo wis sak karep-karepmu aku ora
urus. Eh yo bi opo kowe wis ngerjakno PR fisika sing 5 soal?” swarane Lintang
rada banter teka lungguhan paling ngarep.
“Walah!
Ana pr ta? Aku lali!”
Sabubare
krungu tembunge Lintang, aku banjur njupuk buku prku lan buku paket fisika.
Sanalika aku ngerjakake PR Pak Jodhi guru fisikaku rawuh ing kelas. Duh mati
aku!
“Assalamualaikum.
Murid-muridku sekalian dina iki ana murid anyar kang bakal dadi kanca anyarmu.
Bintang rene mlebu,” tembunge pak Jodhi saka ngarep kelas karo ngawe bocah kang
disebut.
“Ku...
kula pak?”, ucapku rada gupuh.
“Dudu
kowe bi, Bintang sing iki lo. Bintang ayo mlebu!” ucape Pak Jodhi karo marani
bocah kang disebut.
“Nggih
pak,” tembunge bocah kuwi
“Para
kanca, jenengku Bintang Suprijanto. Biyasane di celuk Bintang,” ucape bocah
kuwi karo nulis jenenge nang papan tulis.
“Lho!
Ojo Bintang jenengku podo karo jenengmu!” tembungku nganggo swara paling buanter.
“Lha
terus?” ucap bocah, wajahe katon bingung
“Eh
jenengmu Bintang Sopo? Bintang Suprijanto. Supri! Kowe tak celuk Supri wae,”
tembungku santai.
“He!
Supri?”
Sak
kelas banjur ngguyu kepingkel-pingkel amarga tembungku. Lha piye maneh, aku
emoh salah paham koyo mau nalika diceluk Pak Jodhi.
“Bintang
eh Supri lungguhanmu ing sampinge Bintang.”
“Ha?
Eh nggih pak.”
Wis
2 sasi aku lungguh jejer karo manungsa
sing kembar karo lakon ing anime tapi sifate ora kembar. Contohe kaya saiki, manungsa
iki ngenyek penggawean sampinganku dadi doktering katresnan sing wis terkenal.
Jerene penggaweanku gak pentinglah, ora jelaslah. Walah musibah tenan nduwe
jejeran kaya manungsa siji iki.
“Woi
bi, cie nduwe kembaran sesama Bintang,” tembunge Lintang.
“Sepurane
ya, aku masih the only Bintang ing kelas iki. Manungsa kuwi dudu Bintang jenenge
SUPRI!” gunemku rada gela.
“Biasa
wae to bi. Hayo lo benci bisa dadi tresna,” ucape Lintang nyenggol-nyenggol
tanganku.
“Ora
ngarah aku kesengsem karo manungsa bedigasan kaya ngono kuwi,” ucapku santai.
“Tenan
apa ora kuwi mbul?” ucape Lintang ngenyek maneh.
“Tenan.
Apa kowe ora bisa percaya karo Doktering Tresna iki?” ucapku.
Ya
Allah aku? Seneng karo manungsa kaya ngono kuwi? Ora mungkin! Mesthine radar
tresnaku bakal milih-milih wong kang pantes tak tresnani. Kuwi wes pasti.
“Bi,
nyilih buku paket matematikamu,” tembunge Supri.
“Iki,”
ucapku karo menehna buku matematika.
“Matursuwun,”
tembunge Supri alias Bintang banjur dheweke mesem.
Jedut
jedut.... Jedut jedut....
Duh
kenapa iki aku? Rasane atiku dadi jedut jedut sabubare Bintang eh Supri mesem.
Ana apa iki? Apa aku? Alah ora paling jantungku rada ora beres, paling wetengku
rada lesu dadi jantungku dadi jedut-jedut.
Eh apa hubungane ya?
“Ana
apa Bi? Kok wajahmu rada bingung?”, pitakone Lintang.
“Ha?
Ora popo wetengku rada jedut jedut. Mau budhal sekolah durung sarapan,”
wangsulku mbujuki Lintang.
“Weteng
opo jantungmu?” ucape Lintang, mripate kethip-kethip.
“Ealah
sak karepmu ae,” ucapku banjur mlaku mlaku metu saka kelas.
“Hayo
lo ati-ati kowe kesengsem karo Suprih,” ucape Lintang nganggo swara sopran sing
bisa wae mecahno gendang kupingku.
Apa
aku jatuh cinta karo Supri? Ora-ora mungkin. Nanging Supri ngganteng kok, Supri
yo pinter. Ora mungkin! Tapi mungkin wae. Ora mungkin!
Dina
iki aku budhal rada telat amarga telat tangi turu. Dadine aku teka sekolah 3
menit sadurunge bel mlebu. “Sugeng enjing bi,” tembunge Janto alias Bintang
alias Supri. Bocah kuwi kakehan jeneng celukan, uwis kaya teroris wae.
“He?”,
tembungku banjur mlayu sipat kuping kaya bubar pethuk setan.
Aku
keplayu bubar pethuk Supri mau. Aku ora ngerti kenapa aku dadi kaya ngene. Aku
bingung. “Bi, kowe kenopo?” pitakone Lintang rada kuatir ndeleng wajahku sing
kaya bubar ketemu dhemit.
“Lintang,
apa gugup nalika ketemu dhemit ngganteng bisa nggawe aku nandang kasmaran?” pitakonku.
“Dhemit?
Duh bi, aku wedi. Nang endi kowe ketemu dhemite?,“ ucape banjur ndelik ing
ngguriku.
“Kuwi,”
ucapku karo nunjuk bocah kang liwat ing ngarepku
“Bintang
Suprijanto?”