Menu

Ketilang


KETILANG
(Dening : Fitria Kurnia Dewi - Pembina : Arinis Shofifah,S.Pd)


                Awan iku, Surti dijak bojone lunga menyang kutha. Tarjo, jenenge bojone Surti. Deweke budal menyang kuta numpak sepedah montor.
                “Mas, sepedahe apa wis sampean isi bensin?” pitakone Surti marang Tarjo (bojone).
                “Wis Dek. Isuk mau wis takisi ning pom kanthi bek.” Wangsulane Tarjo.
                “Oo, ya wis. Lha surat-surat sepedah montore wes lengkap apa durung? Aja nganti ana sing keri lho Mas!”
                “Wis Dek wis! Sampean kok dungaren ngelingna aku masalah ngono kuwi dhik? Biasane kok ora ngurusi apa-apa!” pitakone Tarjo bingung ngerti tingkah polahe Surti ora kaya biasane.
                “Kena apa to Mas? Aku ngene iki kan ya pengen dadi bojo sing bisa ngilingake bojone supaya ora ana kedadean sing ora dikarepi.”
                “Oalah ngunu to Dek! Ya wis nek ngono, helm e ndang dijupuk terus ayo budhal mumpung durung udan. Biasane jam-jam sakmene iku wayahe udan.”
                “Iya Mas.”
                Deweke budal. Surti lungguh neng mburine Tarjo karo cekelan raket banget. Ing tengah dalan Surti ngrasa sumuk lan panas. Awan iku ora kaya awan sing biasane. Biasane saben awan udan, nanging awan iki kok ora udan.
                Surti wis ora betah, dheweke langsung nyopot helm sing ana ing sirahe.
                “Priittt priitt priitt” swara sempritane pak polisi muni.
                “Loh Mas? Ana apa iki? Kok akeh polisi ning kene?” pitakone Surti bingung.
                “Oalah, ana oprasi lalu lintas iki Dek. Wis gak usah wedi, surat-surate wis lengkap kok!”
                “Iya Mas.”
                Polisi iku marani Tarjo lan Surti.
                “Sugeng siyang pak!” salame polisi iku marang Tarjo lan Surti.
                “Sugeng siyang! Wonten napa nggih pak pol?” pitakone Tarjo.
                “Panjenengan kula tilang pak!” wangsulane polisi kanthi teges.
                “lho pak pol? kula salah napa? Surat-surat sampun lengkap, spion sepedah nggih lengkap, kula nggih mbekta helm. Salah kula napa pak pol?”
                Tarjo kaget banget. Deweke ora ngrasa salah nanging kok ditilang? Dheweke bingung. Surti ya melu kaget. Deweke ya ora ngrasa salah.
                “Nggih pak pol, bojo kula salah napa kok sampek panjenengan tilang?”
                “Bojone panjenengan niku boten salah bu. Sing salah niku panjenengan!” cethane pak polisi.
                “Kula? Lho kula salah napa pak pol?” Surti kaget, deweke bener-bener oara ngrasa salah.
                “Panjenengan mbekta helm napa boten bu?”
                “Nggih mbekta to pak pol. Lha niki lak helm kula!” Surti nduding helm e.
                “Helm e panjenengan kok boten didamel bu? Kok mung digawa tok? Punapa bu?”
                “Kula sumuken pak pol! Hawane wis panas malah nggawe helm pisan, nggih kula copot mawon.” Jelase Surti.
                “Lha niku bu, salahe panjenengan nggih niku! Panjenengan mbeta helm nanging kok boten didamel. Saumpama ana kedadean ingkang boten dikarepi pripun?” pituture pak polisi.
                “Oo, nggih pak pol, sepuntene kula boten matuhi aturan-aturan lalu lintas! Kula boten mbaleni niki malih kok pak! matur suwun sampun diilingake!”
Surti lagi sadhar yen dheweke salah lan ora bakal mbaleni kedadean iku maneh.