Rikala Tuwa Mbesuk
(Dening : Kurnia Desy Arimukti - Pembina Arinis Shofifah,S.Pd)
Wengi iki saya sepi ketambah angin sumilir sing katon nujep rusuk
jiwa, wadon ayu rikma cemeng lagi
lenyeh-lenyeh neng pelataran omah nyawang rembulan sing mesam-mesem padhang nyelorot.
Nanging wadon iku pandangane abot kaya ana sing digetem. Jenenge pipit, bocah
kang lagek lulus SMA lan lagek dadi mahasiswi iku tinggal kaliyan wong tuwa lan
enyang kasangane nanging kanyatan pipit ngrasa yen deweke kaya ora tinggal
kaliyan wong tuwa, iku amargi kawit cilik dheweke diemong kaliyan eyange. Wong
tuwane pipit ewut nyambut gawe neng luar kota lan mulihe rong minggu pisan, ora
salah yen pipit luwih lengket kaliyan eyange katimbang wong tuwane.
Sesuk pipit budhal neng luar kota nerusake pendidikan yaiku kuliah.
Pipit ora mikir apa-apa kajaba eyang sing ngrawat deweke kawit cilik iku, deweke
gundah atine ora ayem ape ninggalake eyang siji-sijine senadyan wis ana mbak
inah sing ngrawat eyange.
“Ndhuk pit.. ayo
mlebu omah, yen suwi-suwi neng njaba engko masuk angin, angin wengi iku ora becik
gae kesehatan”. Swara alus eyang kang ngajak mlebu njero omah.
“enggih eyang”.
wangsulane pipit bareng nggandheng eyange
*****
Srengenge mintip-mintip arep ngetokake kaendahane. Isuk sing adem
iki dadi isuk kang susah kanggo pipit. Amargi deweke ape budhal neng luar kota
ninggalake eyang. Pipit banjur pamit marang wong tuwa lan eyange, luhe ora bisa dibendung kanthi brebes mili
teka mata lan irung.
“ayah, ibu kula pamit nggih, nyuwun donga slamet”
pipit salim marang wong tuwa banjur ngrangkul ayah lan ibune
“eyang pipit
badhe sekolah nggih, eyang mugi-mugi diparingi segerwaras lan sae-sae, liburan
semester pipit mantuk eyang boten sisah kuwatir”.
Barang-barange pipit wis mlebu mobil banjur pipit mlebu mobil karo
dada-dada lan isih ngusapi eluhe sing
ora mandeg-mandeg.
Eyang ngrasa nelangsa amargi putu siji-sijine lungo lumayan suwi,
nanging eyang tetep seneng putune bisa nglanjutake sekolah sing sae. Sabendino
eyang mung kaliyan mbak inah pembantu kang ngrawat eyang amargi wong tuwane
pipit nyambut gawe ora tahu mulih. Eyang mung kapikiran marang putu kasayangane
nganthi ora doyan mangan.
*****
Enem wulan kepungkur, pipit wis bar semesteran lan saiki liburan
deweke ape mulih neng omah asal. Neng perjalanan pipit katon gincrang-gincrang
amargi wis gak sabar pengen kapetuk eyange, lan pengen kangen-kangenan kaliyan
keluarga.
Nganthi omah pipit bungah banget tibakna wong tuwane lagi neng
omah ora neng luar kutha. Nanging atine pipit sik ora tentrem kajaba wis
kapetuk eyange, pipit linglung matane ngiwa nengen karo nyeluk-nyeluk eyange,
nanging eyange ora ana nengdi - nengdi. Banjur dheweke takon marang ibuke,
“ibu, eyang dhateng pundhi kok boten enten?” takone pipit marang
ibuke
“Eyang tindak ndhuk” wangsulane ibu pipit
“tindak pundhi bu?, eyang kan sampun sepuh?” Takon pipit malih,
nanging ora digubris karo ibu malah
etog-etog ora krungu.
“bu jawab pipit, pipit kangen kaliyan eyang”. Amargi pipit ndedes
ibuke njawab banjur ibuke ngomong satenane.
“eyang neng panti jompo ndhuk, ibu susah nyawang eyang sing ora
gelem mangan, ibu lan ayah yo ewut nyambut gawe, mbak inah mulih neng kampung”
“Napa?” pipit sing lagi bungah malih wajahe suntrung ciyut, ora
ana sing bisa diucapake malih, deweke ngrasa atine ajur mumur rakaroan amargi eyang
sing disayang banget ana neng panti jompo, pipit kuwatir lan ora bisa mbayangna
nasib eyange sing ora kenal kaliyan tiyang-tiyang neng panti jompo.
Pipit langsung mlebu kamar, ambegane seseg eluhe drodosan, dheweke
ora nyangka ibu lan ayah tega ninggalake eyang siji-sijine neng panti jompo. Eyang
sing wis nglairna lan ngedekake sampek bisa kaya mengkene sukses.
Apa aku mbesuk kaya ngunu lali kaliyan wong tuwa?
Apa nasibku mbesuk kaya eyang? Takone pipit njero ati
Pipit sing wis sawengi nangis gawe waswas wong tuwane, kabeh cara
wis dilakoni gawe mbujuk pipit metu teka kamar.
Ujug-ujug pipit metu teka kamar karo neng tangane nggenggem album
poto keluarga. Pipit nuduhake album iku neng wong tuwane tanpa ucap. Album kang
wis lawas kebeg debu sing ora tahu disawang
nanging isine kebeg makna.
Ayah lan ibune pipit bingung maksude pipit, langsung dibuka album
iku mata ibune pipit mbrabak lan saya suwe eluhe netes.
“Pipit janji rikala mbesuk ayah lan ibu tuwa, pipit badhe ngrawat
ayah lan ibu”, ucape pipit bareng ngrangkul ayah lan ibune.
Eyang
mbalik mulih neng omah, saiki eyang, ayah, ibu, lan pipit wis kumpul dadi kulawarga
sing utuh lan bagya.