ALAS KITA
[Dening : Zaky Maulana Fikri]
I
|
ng tengah-tangahing pulo jawa ana
alas sing jenenge alas watu gading. Ing sajeroneng alas watu gading iku ana kulawarga
buta sing wis urip ing alas iku ewunan taun lan jaga alas iku saka bujate alas
iku.
Ing kulawarga
iku ana Pak Buta, Bu Buta lan anake loro. Anake sing barep jenenge Bleduk lan
sing ruju jenenge Tobil. Kulawarga buta iki sakbendinane mangan saka
kewan-kewan lan woh-wohan saka alas. Saben wong ing kulawarga iki nduwe tugas
dewe-dewe Pak Buta lan Bledug tugase golek kewan buruan, Tobil tugase goelk woh-wohan
lan golek kayu bakar lan Bu Buta tugase
masak.
Kulawarga
iki wis urip tentrem lan ayem ewunan taun ing alas watu gading iki tanpa ana sing ngganggu. Nanging
suwi-suwi kewan ing alas malah suwi malah susut jumlahe Pak Buta lan Bledug wiwit
kangelan golek kewan gawe dipangan. Nganti ing sawijineng dina pas Pak Buta lan
Bledug lagi mburu kewan Bledug sambat marang bapake.
“bapak-bapak”
.
“ana apa ta
le?” jawabe pak Buta.
“bapak kraos
napa boten yen malih suwi malih sitik kewan sing muncul lan isa diburu?”
sambate Bledug.
“iyo ya le
ya. Bapak rasa yo ngunu, kira-kira padha neng endi parake kewan-kewan iku ?”
pak Buta bales takon
“nek ngoten
ayok digoleki bapak” jawab Bledug
“ayok jajal
digoleki neng pinggire alas le” pak Buta ngajak anake
Pungkasane
pak Buta lan Bledug budhal neng pinggire alas. Pas wis teka pinggire alas pak Buta
lan Bledug kaget amaraga akeh wit-witan sing rubuh lan gosong kaya bar
kobongan. Pak Buta lan bledung nglanjutake perjalanan gawe nggoleki sapa sing
wis mbujati alas. Nganti pak Buta ing sawijineng Desa sing akeh manungsane ing
pinggir alas, pak Buta bingung amarag gak tau ngerti kewan sing koyok ngunu
kuwi.
Pungkasane
pak Buta negur warga desa iku.
“hee kewan
aneh!” tegur pak Buta
Warga desa kaget
ngerti ana buta ing desane, warga sanalika mlebu omahe dewe-dewe. Pak Buta sing
ngerti tanggepane warga iku sanalika nyekel salah sawijine warga. Warga sing
kecekel iku dicincing marang pak Buta lan di takoni.
“kowe iki
kewan apa?” takone pak Buta heran
“aku iki manungsa,
ampuuun aja pangan aku!” jawabe warga iku karo wedi
“aku ora ape
mangan kowe, aku mung ape takon kowe lan kaumu iki ape apa neng neng alasku?”
pak Buta takon.
“kita mung pengin
urip neng pinggire alas iki, iku sebabe kita nebang wit-witan ing pinggire alas
iki” jelase wrga iku
“nek kaumu manungsa
iki pancen pengin urip ing alas iki ora apa-apa sing penting kaumu ora ngrusak
alas lan ora nggangu kulawargaku. Nek kaumu nggelanggar bakal tak usir kaumu
saka alas iki” tegese pak Buta.
Pungkasane
pak Buta lan bledug mbalik neng tengahe alas. Wiwit kuwi ing alas watu gading
ora mung ana kulawargane Pak Buta naging yo ana kaum manungsa. Nanging dasar
watake manungsa sing ora tau puas marang sing dinduweni. Manungsa banjur
ngrusak alas lan melbu luwih jero neng alas.
Pak Buta
sing ngerti iku ngongkon anak-anake Bledug lan Tobil kanggo ngandani manungsa-manungsa
iku. Bledug lan Tobil sanalika budhal mringatno manungsa iku, sak wise teka panggona
manungsa pas iku manungsa lagi ngetoki wit-witan sing gedi-gedi. Bledug sanalika
mringati manungsa iku nanging manungsa sing kaget marang tekane Bledug lan
Tobil malah nyerang Buta loro iku. Pungkasane Bledug mati lan Tobil kasil
slamet lan mlebu alas gawe madul bapak lan ibune yen Bledug wis di pateni
marang manungsa.
Pak Buta
sing krungu kabar iku sanalika ngamuk lan nggawe peritungan marang manungsa.
Pak Buta marani manungsa karo Tobil lan sanalika ngrusak omahe manungsa, manungsa
sing ngerti yen omahe dirusak sanalika ngelawan pak Buta lan Tobil. Perang
sengit pecah anatarene manungsa lan Buta. Pungkasane manungsa kalah, manungsa
sing isih urip pindah saka alas watu gading. Kulawarga Buta isa urip tentrem
neh ing sajroneng alas watu gading lan banjur jaga alas iku supaya ora ana isng
ngrusak neh.
TAMAT