Cukup Iku Luwih Apik
(Dening
: Istna Nur A. Y. - Pembimbing : Arinis Shofifah,S.Pd)
Urip
larang, tunggangan montor rodha 4, mangan yen ora enak ya ora gelem, klambi yen
ora larang ya ora gelem, ya ngono iku uripe Bu Jat. Sapi ya duwe sewu punjul,
usaha ne gedhe. Wong sugih ngono iku ya nyukupi gawe urip sing kaya ngono. Donya
wis kaya nggen e dhewe. Bu Jat urip dadi wong sugih wis puluhan taun. Dadi wong
sugih ngono kui dadikake Bu Jat lan kulawargane urip sarwa cukupan. Ora mung cukupan,
nanging kabeh sing digawe ya pancene larang larang.
Ora
kaduga, usahane malah bangkrut. Duwite wis wiwit entek. Bu Jat lan keluarga ne wes
mulai ora bisa tuku barang-barang sing larang. Nanging, amarga kebiasaane urip
larang wes puluhan tahun, ndadikake Bu Jat gengsi
lan mekso gawe urip larang maneh. Nyilih dhuwit neng Bank dadi pilihan kapisan.
Dheweke nyilih duwit ning Bank ora cuma cuma. Mulane Bank percaya amarga sitik
sitik Bu Jat isih bisa bayar utang e. Nanging suwe-suwe Bu Jat wis kepepet lan
ora bisa bayar utange. Pungkasane jeneng Bu Jat wis ora dipercaya neng bank neng
saben nggon.
Bank
wis ora bisa dadi pilihan maneh. Bu Jat ngalih nggon gawe nyilih duwit ning
kanca-kancane. Jenenge kanca pengine ya ngewangi kancane sing lagi susah. Yen dhuwit
olehe nyilih iku digawe mangan cukupan sejatine ya cukup. Nanging amarga wis
biasa urip serba larang, Bu Jat ora bisa urip cukupan, utang neng ngendi-ngendi
digawe Bu Jat gawe nutupi kurangan uripe. Nganti dheweke ora bisa bayar utang
neng kanca-kancane. Lan gawe kanca-kancane ora bisa percaya maneh. Pungkasane
dulur-dulure dadi jujukan. Dulur dhewe musti ya ora tega ndelok dulur sijine
susah. Dulur-dulure kabeh padha nyilihi duwit, jenenge dulur ora gawe nganti
ora percaya. Nanging dulur dulur e ya duwe kulawarga, dadine ya butuh dhuwit
gawe nguripi kulawarga dhewe-dhewe.
Ora
kentekan akal, Bu Jat ngedol barang-barang e, amarga dheweke gawene tuku
barang-barang larang, dadine payune uga larang. Nanging jenenge barang, suwe-suwe
ya entek lan ora ana sing isa didol maneh. Saiki Bu Jat wis ora bisa apa-apa
maneh. Anak 3 ya durung nyambut gawe kabeh. Bojo ne ya wis suwe minggat. Amarga
wis ora ana pilihan, Bu Jat gawe usaha cilik-cilik an. Duwit dodolane ya mung
bisa digawe urip cukupan.
Wis
ora bisa apa-apa maneh, Bu Jat saiki karo anak-anak e mekso urip cukupan lan
apa eneke. Suwi-suwi Bu Jat lan kulawarga bisa nglakoni urip sederhana utawa
apa eneke. Bu Jat sregep nyambut gawe kanggo nguripi anake kabeh, nanging ya
nguripi sing apa eneke. Masia mulane anak-anak e ora bisa urip cukupan, nanging
suwe-suwe anake ya bisa dadi wong sing apa eneke. Saking sregepe Bu Jat olehe
nyambut gawe, pungkasane Bu Jat bisa buka usahane maneh lan bisa nglunasi
utang-utange sing biyen. Jeneng Bu Jat ya wis bisa dipercaya maneh.
Masia Bu Jat wis dadi wong sugih
maneh, bedane saiki Bu Jat lan anak-anake urip e tetep sederhana. Lan nabung
duwit luwihane. Bu Jat saiki malah dadi wong sing tambah apik. Menehi separo dhuwite
gawe wong sing uripe isih mlarat. Amarga Bu Jat dhewe ya wis ngerasakno yen
urip mlarat iku susah. Saben wong iku duwe kesempatan kapindho gawe ngowahi
kelakoane.