Menu

Kanca Ing Pepetengan

Kanca Ing Pepetengan
(Dening Doan Febrianto Cyintino Putra - Pembina : Arinis Shofifah,S.Pd)

“Tangi, ndhuk.  Srengenge esuk sing katon mbranang Nekani kowe”. Ibu nggugah aku kang isih ngantuk. Aku mesem, banjur  aku mbukak mripatku. Nanging Kabeh padha wae. Peteng tanpa cahya. Ya, iki  Panguripanku. Aku Ngarep-arep nalika esuk tekan, Aku bakal bisa ndeleng manuk- manuk sing miber mencloki wit-witan lan embun neng nduwur gegodhongan. Iku wes lumrah kanggo Bocah waras. Nanging iku sing tak arep-arep
                Jenengku Wulan Yulianti, biasane aku di celukWulan. Saiki aku kelas 2 SMP. Ya, aku iki wong grahita. Amarga Kacelakaan bareng Bapak ku. Nalika aku kelas 1 SMP dipapag Bapak ku numpak sepeda montor. Ana trek lewat Banter banget lan akhire nabrak. Sing Sirahku mburi kebenthug trotoar. Akhire di gawa neng rumah sakit. Nanging Bapa ku wis ora ketulungan nalika ing rumah sakit. Ya, nganti saiki aku urip Bareng Ibu ing omah.
                Dina iki dina Minggu. Aku ra perlu siyap-siyap kanggo Sekolah. Aku lungguh ing ngarep meja karo nggrayangi serat-serat braille sing ana ing ngarepku. Aku luwih seneng maca buku tinimbang mlaku-mlaku. Bukane aku wedi ora ngerti dalan. Nanging aku wedi kedadean pisanan iku bola-bali menehNalika mlaku-mlaku, Sawetara cah cilik mlaku ing ngarepku. Aku bisa ngrasakake Bocah-bocah cilik iku ngenyek. Banjur ngguyu karo lan mbengok “Wong wuta! Wong wuta!”. Malahan ana sing mbalang aku nganggo watu cilik. Perkara iku, aku luwih seneng ngurung awakku dhewe.
                Aku butuh kanca. jebulZul tekan. Aku ra ngerti sapa dheweke. Pas pisanan kenalan, Dheweke ngomong
“Aku ana kanggo awakmu, Wulan. Amarga iku, aja crita marang sapa-sapa marang aku”.
Akhire Aku kekancan karo Zul. Zul mesti nangikno aku lan Zul mesti ana pas ak lagi dhewean ing njero kamar. Ibuk ku  tansah bali dalu. Aku ngerti , Ibuk Kerja kareben bisa ngragati aku kanggo oprasi mripat. Saumpamane Bapak isih ana.
                Senajan aku ora bisa ndeleng, aku apal panggonan sing ana ing njero omahku. Aku nutup lawang kamar karo mesem.
“Aku neng kene, Wulan kok katon seneng”.
“Ya, Ibuku mari ngomong, Minggu ngarep aku di oprasi”. ora ono wangsulan.
“Zul, Kowe ora seneng?”
“Eh, Aku seneng, seneng banget. Nanging, Aku wedi nek kowe ra bakal ngenali aku maneh mengkone”.
“Zul ora perlu kuwatir. Sapa wae awakmu, saka endi wae asalmu. Aku ora preduli. Kowe iku kancaku.”.
“kowe bakal ngomong rena-rena mengkone, percaya. Donya iku indah, Nanging elingo, Ojo kajebak ing kaendahing donya.”
Bareng seminggu, wayahe oprasi, aku dikongkon turu ana ing dipan.
Zul ngomong “tenang wae. Ora bakal lara.”
Aku ga bisa njawab omongane Zul amarga obat bius wis disuntik ing tanganku. Pisanane aku isih ngerti Dokter isih ngomong-ngomong karo suster. Nanging aku ora bisa ngrungokke maneh, aku ngrasa ngantuk. Pungkasane aku banjur turu.
                Aku ora ngerti nalika kahanan sadar utawa ora. Sing cetha aku bisa ngrasake awakku enteng, Kahanane sepi. Aku ngerasa wedi.
“Wulan, iki aku, Zul.” Aku kaget kayata ngrasa ana ing ngarep ku.
“Aja wedi, Menenga kowe bakalan bisa ndeleng maneh. Kowe bakalan ngerti kembang-kembang ing ngisore langit biru. Kowe bakalan dadi anak normal. Aku ngerti kowe iki anak sing apik, nanging aja lalekake wong-wong sing senasib karo kowe.” Banjur iku kabeh bali sepi.
Sak wise bubar oprasi.
“Kowe wis siap?” Pitakone dokter.
“nggih Dokter Kulo mung seneng mawon”. Aku mesem sithik.
Jantungku dheg-dhegan. Ibuk ku nggegem tanganku. Dokter nguculke perban sing ana ing sirahku. Banjur aku ngrungokke dokter nggunting perbanku. Aku ngrasa sirahku enteng.
“Bukak mripatmu, Alon wae.”
Aku ngrasa bisa ndeleng cahya. Aku nyawang ana wong wedok.
“Ibuk...?” pitakonku
“Suwun Ya Allah, kowe bisa ndeleng maneh, anakku..”.
“Suwun Dokter” aku karo mesem marang dokter
“Buk, Zul wonten ing ngendi?”
“Kowe pengen ketemu Zul, Wulan?”
Ibuku karo njupuk barang sing ana ing andhing ku lan mataku kaget Banget.ana BONEKA
“Buk, Iku Zul..?”
“Yo nduk, iki Zul sing biasa mbuk jak omongan mono. Bapakmu tho sing menehi sadurunge meninggal.”
 Aku ra percaya. Banjur aku ndeleng maneh, aku ngrasa lambe bonekane obah kayata serasa ngomong
“Aku pamit ndhisik..”
apa iki mung kayalanku.?