Menu

Kucing Apa Kancil ?

cerkak basa jawa
(Dening Isna Wanda Robiulla - Pembina : Arinis Shofifah,S.Pd)
               
Sawijining dina Kucing sing endah banget wulune mlaku-mlaku neng omah. Dheweke weruh ana Tikus lagi ngrikiti kayu ing jero jeding, dheweke dadi kepengin mangan tikus kuwi. Kucing golek cara supaya bisa mangan Tikus tanpa kesel, kudu mlayu nggodhag Tikus, godhag-godhagan karo Tikus nganti mecahna sakabehane.
                Kanthi modal wulune sing apik lan rupane sing menawan. Dheweke rumangsa iso nangkep Tikus kuwi tanpa kesel-kesel. Kucing banjur moro nyedaki Tikus, nanging Tikus ora sadar yen ana Kucing sing mlaku nyedaki dheweke.
                “He Tikus” Celuk Kucing sing swarane gedhe nanging alus.
                Tikus sing lagi enak ngrikiti kayu, kaget ora karuwan. Mlayu rono-rene, nabrak iki-kae, jerit-jerit banter lan ora karuwan.
                “Ciyet ciyet ciyet ciyet....cyet ciyet....”
                “Heh Tikus, ora popo. Aku ora arep mangan kowe.” Jare Kucing karo ngguyu nyengir.
                Tikus mandek krungu omongane Kucing. “heh heh heh” ambekane Tikus sengol-sengol, banjur diteruske “Ora ngandel, Kucing kaya kowe ora bakal nyedhaki aku yen ora ape nangkep terus mangan awakku.” Jawab Tikus karo mundur-mundur.
                “Hahahahaha... apa kowe ora weruh? Kowe ora bisa ndeleng ta?” Guyu Kucing cekikikan.
                “Ana apa?” Takon Tikus enteng.
               “Ooo.. bener kowe ora bisa ndeleng. Haha. Kucing kaya aku sing ayu, wuluku apik, alus, kandel, rupaku menawan, mosok arep mangan Tikus elek koyo kowe.” Jawab Kucing kenes lan ngenyek.
                “Ha? Iya ta?” Takon Tikus enteng.
                “Iyalah, delengen rupaku tenanan!” Jawab Kucing karo mlaku jenthat-jenthit neng ngarepe Tikus, kaya pragawati mlaku neng panggung.
                Tikus mung ndeleng Kucing mlaku ing ngarepe karo ngowoh.
                “Saiki we percaya ta karo aku?” takon Kucing mesem.
                “Iya percaya” jawab Tikus ngandel karo manthuk-manthuk.
                “Yowis saiki kene kanca ya?” esem Kucing.
                “Iyo Cing” Jawab Tikus manut.
                “Ayo tak ajak ning kandangku seng apik megah mewah ora kaya omahmu ning duwur wuwung.” Ajak Kucing.
                Tikus lan Kucing mlaku bebarengan arep neng kandang Kucing.
                Banjur wis tekan kandang, Tikus kesel amergo kewaregen ngrikiti kayu neng jeding mau. Kucing mung ndeleng Tikus sing kewaregen lan gayer-gayer kudu turu iku. Sawise Tikus turu, Kucing nekeg Tikus nganti dheweke tangi.
                “Ana apa Cing? Kowe kok nekeg aku? Jaremu we ora bakal mangan aku?” Kuwi omongan pungkasan Tikus sadurunge dheweke mati ditekeg Kucing.
                Kucing mangan enak-enakan Tikus kuwi mau. Kucing ngerasa enek seng pait ing daginge Tikus nanging Kucing ora ngurus, dheweke diteruske yen mangan Tikus. Nanging Sawise Kucing mangan separo awake Tikus dheweke ngeroso awake ora penak, ndase ngelu ora ketulungan. Kucing kuwi mati.
                Uwong sing duweni Kucing kuwi mau weruh yen kucinge mati ing kandang mangan tikus. Wong kuwi bingung lan nangis Kucing kesayangane mati.
                “Duuuuuuh Kucingkuuuuuu, kenapa kowe mangan Tikus kuwi. Dek bengi Tikus kuwi bar kenekan racun sing tak pasang neng pawon Ciiiiiing. Kenapa kowe pangan? Kowe ya tak kei panganan enak to Cing bendinane... Kenapa sek mangan Tikus barang???”