(Dening : Risma Maulidina (28)
Sore-sore enek siji
kulawarga sing kenek musibah kebakaran omah, yaiku kaluwargane inem yaiku bapak,
inem lan adhine, ibune wis seda suwe. Hari iku dadi dina sing nyedehake.
Bapak’e inem pak jarwo bingung, inem ya
bingung kudu tinggal neng endi, omah dulur’e padha adoh. pungkasane pak jarwo
nelpon bu marni kanca rakete pak jarwo. Pak jarwo njaluk tulung nginep omahe
sasuwene omahe pak jarwo didandani. Bu marni ngolehi, pungkasane pak jarwo,
inem lan adhine oleh panggon nginep nalika omahe bu marni.
lagik mlebu omahe
bu marni, teka ruang tamu ana bocah lanang, “le enek pak jarwo” bu marni
ngomong nok cah lanang iku lan salim. Nok omahe bu marni isine enek bojone bu
marni lan anak lanang siji yaiku paijo. Pertama lagek melbu omahe bu marni,
inem kaget ndeleng cah lanang iku, sing pranyata kancane inem sekolah beda
kelas lan bocah sing di senengi inem pol. nalika inem diterne bu marni melbu
kamare inem, inem takon neng bu marni “lek paijo iku apane sampeyan?” “o ya sampeyan
kancane paijo sekolah ta, paijo iku anakku , ta jodohna karo sampeyan ya :D”
jawab bu marni sinambi ngguyu. Inem bungah lan
kaget pranyata paijo kuwi anak kanca rakete bapake. “yawis, lek marni
ape mudun, ndang istirahat ya ndhuk” tambah bu marni.
Wayahe mangan bengi
bareg-bareng, bu marni nyeluk inem sing lagi ngguya-ngguyu dhewe neng kamar
perkara sangking senenge bisa sa omah karo paijo. Neng meja makan inem
adep-adepan karo paijo. Inem sampe ra fokus mbe panganane, inem focus
mesam-mesem ngewasi paijo, tapi paijo focus ngewasi mbe panganane lan cuek mbe
wong sekitare.
Isuk isuk inem wes
tangi siap-siap ape budal sekolah. Inem macak nok ngarepe kaca ra bar-bar,
sampe bu marni melbu kamare ngajak inem sarapan bareng. Pas uwes nok meja
mangan inem lungguh nok ngarepe p[aijo maneh. Tetep kaya biasae paijo cuek mbek
wong sakiwa-tengene. Pas dina kuwi paijo gugup budal sekolah dadi mangane
dicepeta lan gage-gage ape budhal sekolah. Inem cuma ngowoh ngewasi paijo gugup
budhal sekolah. Tapi bu marni ngganduli paijo sing wis numpak motor, bu marni nyurung
inem lang gage numpak neng nggurine paijo. Paijo praupane yo datar lan cuek.
Inem bungah banget, mesam-mesem neng nggurine paijo. Tangane inem sanalika
dibateg karo bu marni di kongkon cekelan paijo, inem tambah bungah banget
atine.
Lagik teka parkiran,
paijo banjur parkir mateni motor, nyelehna helm neng spion motore.
Kanca-kancane inem sing ngerti inem digoncekno mbek paijo langsung arani inem nok
parkiran. Pada takon kabeh, takon ngene takon ngono sak enek’e ditakokno
perkoro kaget kok isa inem goncekan mbek paijo. Tapi inem mung meneng ae mlaku
menuju kelase karo mesam-mesem tok. Nok kelas wayahe pelajaran, yuli jejerane inem
nakoni inem “awakmu kok isa budhal bareng karo paijo I piye? Seneng banget nu
awakmu” inem mung ngguyu mbe wajahe sing manis banget pas mesem.
Inem termasuk bocah sing biasa ae neng sekolahan dene paijo cah sing
cuek nanging puinter neng sekolahan masia ra sinau paijo isih tansah isa
nggarap.
Bel mulih sekolah muni…
Cah-cah pada metu teka kelase dhewe-dhewe. Inem enggal neng parkiran
wedi yen di tinggal paijo mulih. Teko parkiran sing ruame sampe sepi paijo ra
metu-metu. Inem ngenteni nok ndhuwur motore paijo ambek sirahe ndiluk, teka
ngguri enek sing nablek pundake inem, pranyata paijo. Inem mung mlengak mbek
dredek, inem mudun teka motore, paijo munggah motore nganggo helm’e nytater
motor tapi inem ijek nganjer nok pinggire paijo. Paijo mlengak ngewasi inem,
sing wajahe ditekuk tekuk. Paijo n gomong “nitih nem” inem isek meneng ae,
paijo bateg tangane inem mbek ngomong “ayo nem nitih”. Inem ndangak ngewasi
paijo, paijo ngomong maneh “ayo mulih (wajah cuek)” inem langsung numpak motor.
Inem cekelan klambine paijo ruapet, lan paijo nalika iku mesem tapi mbe focus
nyetir. Teka omah motor mandek, tapi inem ora mudun-mudun teka motor, paijo
madep mengguri dadakman inem turu . paijo nggugah inem “nem wes teka omah” inem
isih durung tangi, paijo arep nyekel tangane inem nanging inem dumadakan wis
tangi. Inem ngomong “oh wis teka omah” inem langsung mudun melbu kamare.
Bengi-bengi inem sinau tapi inem ora iso mahami pelajarane, inem cua
buka buka tok, lan gak niat sinau. Bu marni dumadakan melbu kamar ambek nggowo
es lan camilan “inem lagi sinau ta (bu marni lungguh nok kasure inem)” inem
ndredek, lansung ngguyu “aku puingin nggowo panganan ngeneki pas anakku lagi
sinau, nanging paijo ratau sinau , mesti yahmene wes turu” tambah bu marni.
“lho masa paijo ratau sinau , kamangka ndek seklahan puinter lho lek” jawab
marni, “lhaya mbuh, aku ya ora ngerti” jawab bu marni, “iki ya ape enek ulangan
nggo nentukno sopo sing iso melbu 50 besar,b isa melu bimbingan tambahan,
nanging paijo kok ora sinau lek” tambah inem. Gara-gara inem gak niat sinau,
inem malah omong-omongan mbe bu marni. Bu marni buka album cilikane paijo, inem
ngguyu lakak-lakak, enek fotone paijo siji sing paling lucu kuwi dijupuk karo
inem.
…
Istirahat sekolah paijo moro nok kelase inem arep nyilih papan alas kanggo
ulangan, paijo ngadeg nok lawang kelase inem “nem, rene” paijo nyeluk inem.
Kanca-kancane inem pada heboh kabeh, marai paijo iku emang wong ganteng lan
cuek. Inem kaget terus moro nok paijo “enek opo??” takon inem neng paijo “aku
nyilek papan alas nggo ulangan” jawab paijo “ooo, iya jim sek, tak jupuk’o” ,
inem wes njupuk papan nanging sing di wenehna inem neng paijo ora papan ndisek
tapi malah foto cilikane paijo, paijo uisin lan gregeten mbek inem “awakmu kok
nduwe foto kuwii, gorene balekno, heh aja duduhno kanca-kancanem, gorene
balekno” celetuk paijo karo gregeten, nanging inem malah ngguya-ngguyu sinambi
ndelikno foto kuwi, sempet gudak-gudakan. “enek syarate nek awakmu pengen foto
ki mbalek” inem mulai ngomong “opo? Opo
syarate, lang gage ngomong “ , “aku pengen awkamu ngajari aku pelajaran sing di
nggo ulangan 50 besar sesok”, “ha? (paijo mikir…) iya iya, engko tak warahi,
gorene fotone” , “emmoh, aku warahi ndisek, lagek foto iki tak wenehna awakmu”
jawab inem “hahhhh, yawes yawes, aja duduhno kanca-kancem, awas wee” ancam
paijo neng inem. Papan alas diwenehno paijo, paijo langsung mere.
nalika mangan bengi
bareng bu marni ngomong “jo, engko sinau bareng mbe inem ya, jare sesuk enek
tes” paijo mung meneng ae, nanging inem mesam-mesem. Mangane wis bar, paijo
ngadeg mlaku tumuju ruang keluarga. Bu marni bisik-bisik nok inem “nem paijo
tututi, ndang gage” inem langsung ngadek nututi paijo.
Sinau di mulai teka pelajaran matematika, paijo njelasno dawa lan amba,
nanging inem malah ora fokus mbe pelajarane, inem fokus nyawang paijo sinambi mesam-mesem.
Paijo gregeten “yawis iki ndang sinauni sik, yen ana sing raisa lagi takon aku”
tembunge paijo. Paijo ngaleh nggon ning ngarepe computer, inem penasaran ewuh
mek apa, inem clingak clinguk nginceng paijo. “wis awakmu ndang sinau nem” inem
langsung bali fokus karo pelajarane maneh. Wis sawentara jam paijo ngewenehno
lembaran kertas lan ngomong “nyoh iki materi sing kira-kira sesuk metu neng
tes”. Inem ndelok, banjur disinaun. Paijo ngulangi inem sing ora bisa, dhewek’e
kabeh pada sinau tenanan. Jam wes larut bengi paijo keturon sirahe diselehno
nok meja marai nunggoni inem sinau tenanan, inem ngewasi wajahe paijo ora
bar-bar, sampek inem melu keturon nok meja. Ibune paijo teka nggowo camilan,
bali maneh neng pawon marai gak wani nggugah paijo mbek inem.
Budal sekolah inem
lan paijo budal bareng maneh, pas paijo ape melbu kelas, paijo ngomong
“semangat, sing tenanan nek garap(ambek gayane sok cuek maneh mbek inem” inem
kaget langsung mlengak nok paijo mbek ngguyu sueneng. Inem mlebu kelas, mulai ngerjakna
soal karo tenang lan seneng. Tes wes bar, karek ngenteni hasile
Sesok’e hasil tes banjur metu, cah-cah kabeh
pada ngrubengi hasile nganti inem raiso ndelok. Inem ndelok’I teka nduwur,
nganti urutan 30an jenenge inem isek gung enek tapi jenenge paijo wis enek nok
urutan nomer 5. Inem ijek nggolek’I jenenge pas tepak teko urutan terakhir 50,
inem nemoni jenenge enek nok urutan kuwi. Inem langsung njuerit seneng, wali
kelase inem ya melu seneng, ngomong neng inem “ineeemmmmm, pungkasane awakmu
bisa kelebu 50 besar, awakmu bisa banggakno kelase kene (sinambi ngrangkul
inem)” inem ngguyu mbek ngomong “haha, iya buu, au ya sueneeng”. Paijo ngadek
nok nggurine wong-wong mbek ngawasi nggolek’I inem. Paijo ngerti inem, tanpa
diceluk inem wes moro dewe nok paijo, paijo ngomong “selamat ya, bisa kelebu 50
besar, sak kelas mbe aku sok” “aahhh, iki ya gara-gara we, nek aku gak mbek
iwangi aku ya gak ngarah bisa, we ya selamat, malah urutan nduwur” jawab inem,
“haah, iya wes. Saiki balekna fotokuuuu” “emmoooohhh(inem belayuuu)” paijo
nggudhag inem. Teka lapangan basket inem wis pegelen ndekne mandek mbek
ngos-ngosan. “nah, ora pegel ta piye wee, gorene fotoku” paijo gregeten.
Gara-gara inem wes pegele, mbek ngos-ngosan fotone banjur diwenehna paijo.
Paijo nampani fotone. Dheweke kabeh meneng-menengan, ngilangna rasa pegel.
Paijo dumadakan ngomong “nem, aku tresna karo awakmu”