Menu

Bis Lan Kucing

Bis Lan Kucing Dening : Nada Nibrassalbila Rosadi
Aku mung siswa biyasa. Saben dina aku mulih karo mlaku. Isa dingerteni, kulawargaku ora saka kulawarga sing sugih dhuwite. Nanging, aku nedha nrima yen aku isih bisa sekolah. Aku nduwe kanca sing gelem ngancani aku mulih bareng. Jenenge Siom. Saben dina, aku lan Siom mlaku liwat taman kang uga cedhak karo sekolah favorit kutha iki. Lan, saka panggonan iku, caritaku diwiwiti.

Dina iku, aku mulih luwih sore saka biyasane, jam 4 sore, amarga ngerjakna tugas bareng. Nanging, Siom, isih gelem ngenteni aku. Bar iku, aku lan Siom mulih bareng. Wektu aku lan Siom ngliwati taman iku, aku ndeleng bocah wadon lungguh meneng ing bangku taman. Nanging, aku ora pathek nggatekna, amarga aku mikir yen menawa bocah iku mung ngenteni kancane.

Nanging, saya suwe aku pengin weruh , amarga ameh saben dina bocah iku lungguh ing bangku iku. Wektu aku mulih dhewekan saka sekolah, bocah iku ya lungguh ing kono. Nanging, aku ora arep nakoni kahanan bocah iku, senajan aku asline pengin weruh sanget.

Sawijining dina, wektu aku mulih karo Siom jam 5 sore, bocah iku ora anak ing kono maneh. Aku kaget, amarga bocah iku wis ora ana sadurunge aku ngerti perkarane. Amarga aku kepengin weruh sanget, aku takon ing Siom.

“Yom, we weruh bocah wadon sing asring lungguh ing kono?”
“Bocah wadon sing endi, Gus?”
“Iku, lho...sing asring lungguh ing bangku iku,sing seragam e seragam batik jagung.”
“Oalaaah...aku weruh. Kenapa, Gus? We seneng karo bocahe?”
“Ora, Yom. Aku mung pengin weruh wae, kok dina iki bocahe ora ana ing kono. Kan saben dina, bocahe lungguh ing kono? Apa....”
“Kenapa, Gus?”
“Apa...isa wae...bocah iku setan .. PIYE YOM!?”, jareku karo wedi lan keringeten.
Siom mung ndeleng nengen ngiwa, banjur kaget lan mesem kayata Siom arep ngguyu.
“Ndeleng, Gus.”, jare Siom karo nuding halte cedhak panggonan iki.
“Lha terus?”
“Paling bocah iku asring lungguh ing panggonan iki amarga dheweke ngenteni bus mulih. Kan jam iki jam tekane bus.”
Aku mikir lan apa sing diucapna Siom iku ya bener uga.
“Ya, sesuk kene jajal mulih jam 4 maneh, dadi kene weruh apa bocah wadon iku setan apa ora.”
“Oke, Yom”
Banjur sesuke, aku lan Siom njajal mulih jam 4 sore.
Nanging, bocah iku ora ana ing kono.
“Lho, Yom !!? Ora ana!”
Siom ndeleng nengen ngiwa, banjur meneng. Aku bingung.
“Ana apa, Yom?”, jareku karo nyeluk Siom.
“Gus, bocah e sing iku apa ora?”
Dheweke nuding ing sesuketan, lan aku ndeleng ana awak ing kana.
“Yom, Apa iku !?”
“Ora weruh, Gus. Nanging, ayo dideleng. Isa wae...”
“Iya, jupuk Hpmu. Mengko telpon kantor polisi yen pancen bener.”, Siom banjur njupuk HP ing tas e.

Aku lan Siom nyedhaki awak iku, lan ndeleng yen awak iku pancen awak e bocah wadon iku. Lan sirahe getihen. Aku lan Siom meneng, banjur njajal apa awak iku isih urip apa ora... Aku lan Siom deleng-delengan.
“Untung, Yom. Isih urip bocah e ! Aku wedi tenan!”
“Iya, Gus. Ayo digawa ing Rumah Sakit.”
“Ayo, Yom.”
          
          Sawise digawa ing rumah sakit, aku lan Siom ngenteni nganti bocah iku tangi. Bocah iku tangi lan carita yen dheweke pancen biyasa ngenteni bus ing taman. Nanging dina iku, wektu dheweke ngenteni bus, sepatune digawa mlayu karo kucing. Banjur dheweke nggodhag kucing iku nganti ciblok sirahe natap watu. Dheweke ngucapna matur nuwun, banjur aku lan Siom pamitan. Aku lan Siom mulih, meneng nganti wis tekan omah.