Menu

Asu Gedhe Menang Kerahe

Asu Gedhe Menang Kerahe
Dening : Esti Trihanifah
Tembung-tembung ora kuwawa nggambarne elek e penjudi togel sing siji iki. Sopo wae wis jajal nuturi mulai wong tuwane lan dulur-dulur e. Nanging kabeh iku sia-sia kaya melbu kuping tengen metu kuping kiwa. Bener wae saya sue Huripto saya ndadi, kerjaan e sabendina mung nggantungake urip e nang angka-angka liar iku. Huripto ora anak e wong sugih, malah Huripto urip e kurang, digawe mangan wae deweke kudu ngadu nasib nang togel, sing luwih mangkelno maneh deweke jarang begja.
Dina iku suasanane ing desane Huripto seger banget.  Mbuh ngipi opo Huripto dumadake tangi esuk lan ngewangi bapak e dodolan nang pasar. Bapak e saya kaget lan takon
“ ana apa kowe kok aneh tenan? Dungaren ngiwangi bapak, biasane yahmene ijek molor ing dhuwur kasur”, sauté bapak e
“aku wes gedhe pak, aku getun uripku tak gawe sing ora bermanfaat gawe wong liya” jawab e Huripto
Bapak e banjur jawab “ Alhamdulillah le, akhir e kowe sadar”
Huripto langsung ngewangi bapak  engangkat sawi sing akehe rongpuluh sak sing lagi dipanen saka tegalan.
Sawentara jam 7 an Huripto lan bapak e teka ana pasar, deweke langsung ngusungi sawi-sawi nang bakul-bakul sing wis pesen sakdurunge. Salah siji bakul blonjo mau jenenge Mbok Sumi, Mbok Sumi dodolan blanja ing pasar direwangi karo anak e sing jeneng e Ayu. Huripto ngeterake sawi mau ing Mbok Sumi, ladalah gak sengaja dewekw kesandung, Ayu sing ndeleng kedadean iku langsung nulungi Huripto sing wis kelaraen.
“mangkane ati-ati mas, pancen e dalan kene lunyu, opo meneh pasa wayah bar udan ngene” Ayu nuturi Huripto
“iyo maturnuwun yo” jawab e Huripto karo gugup amergo ndekeng Ayu sing pancene ayu tenan.
Wis ana 3 ulan suwenw Huripto kenal karo Ayu,lan akhire deweke kawin. Kawin wis oleh 2 lan Ayu meteng, Huripto bungah banget ngerti nek bojone meteng. Saya suwe weteng e Ayu saya gede, iu tandane Ayu wis meh babaran . huripto wis golek silihan dhuwit mrono-mrene nanging ora ana kasil e.
Wis sumpek oleh e mikir akhire Huripto pikiran e balik kaya biyen maneh. Nanging saiki Huripto kepikiran nek deweke nyolong kayu deweke bakal oleh dhuwit akeh amerga regane kayu jati iku dewe yo larang.
Sesok e Huripto nekat budal ing alas gawe nyolong kayu. Huripto ndeleng situasi ing sak ubenge alas, wis dirasa wis aman Huripto langsung jupuk kayu cilik-cilik sing wis ceblok. Ora disangka Huripto ketangkap polisi alas sing lagi tugas njaga alas iku.
Tanpa basa-basi Huripto sanalika digawa menyang kantor polisi. Sawise nang kantor polisi Huripto disidang rna-rene. Wis teka keputusane pungkasan hakim, Huripto  dihukum 20 taun kurungan. Huripto ora terimo marang keputusun iku, banjur ngadek lang ngomong
“pak, kula niki pancen wong cilik, naming kula boten korupsi kados tiyang ageng menika, kula ngelako’ake ngeteniki inggih gara-gara yatra sing kudune kagem tiyang cilikkados kula niki dipangan kalihan tiyang-tiyang dhuwuran. Jerene pemerintah mbela wong cilik, nanging apa nyatane pak? Tiyang duwuran kathah ingkang korupsi nanging kok tasik sadeg keluyuran dating bali? Menapa niku ingkang diarani keadlian? Bantah e Huripto menyang pak hakim.
Nanging hakim tetep wae orang nggagas. Huripto pancet wae dihukum 20 taun kurungan.
Yo wis ngono iki lah humum nang Negara ne awake dhewe, diibaratna kaya peso landep mengisor kethul mendhuwur, paribasan Asu Gedhe Menang Kerahe sing tegese Wong kang dhuwur pangkaye, mesthi bae luwih gedhe panguwasan. Senajan ngelakoni kesalahan sing gedhe nek pangkat e dhuwur lan dhuwit e akeh hokum isa dituku. Senajan wong cilik ngelakoni salah cilik o kaya apa pancet wae dihukum abot kaya dene ceritane Huripto ing dhuwur.