Menu

Sumber : http://www.kemdikbud.go.id/main/blog/2016/04/pidato-mendikbud-hari-pendidikan-nasional-2-mei-2016

--------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------

0

Sambutan Tim Verifikasi Lapangan 
[28/04/2016], Pagi pukul 08.30 wib SMA Negeri 1 Bojonegoro kedatangan tamu Tim Verifikasi Adiwiyata Jawa Timur. Kedatangan tim verifikasi yang dipimpin oleh beliau bapak Fauzi Bachtiar Ahmad disambut hangat oleh keluarga besar SMA Negeri 1 Bojonegoro, terlihat juga jajaran dinas pendidikan kabupaten Bojonegoro, Kepala Dinas Pendidikan Kabupaten Bojonegoro (Drs. Hanafi,MM), Kepala Dinas Kebersihan, Pertamanan dan Pemakaman Bojonegoro (Dra. Nurul Azizah,MM), Kepala Dinas Badan Lingkungan Hidup (BLH) Kab. Bojonegoro (Ir. Eka Budi P,MM), dan Pengawas Dikmen Kab. Bojonegoro (Drs. Nurali,M.Pd) 

Di acara pembukaan, tim verifikasi disambut dengan yel-yel adiwiyata dan lagu adiwiyata SMA Negeri 1 Bojonegoro. Dalam sambutannya bapak Fauzi Bachtiar Ahmad menyampaikan "Adiwiyata bukanlah lomba, tetapi merupakan budaya peduli lingkungan yang harus diterapkan oleh seluruh warga sekolah setiap harinya. "

Kegiatan verifikasi adiwiyata ini berakhir tepat pukul 13.10 wib. Acara penutupannya diakhiri dengan pemberian cindera mata dari ibu Kepala SMAN 1 Bojonegoro (Dra. Sri Setyowati,M.Pd) kepada Tim Verifikasi Adiwiyata Jawa Timur.  

Berikut dokumentasi sambutan dan pembukaan kedatangan tim verifikasi adiwiyata propinsi jawa timur :

Sambutan Kepala Dinas Pendidikan Kab. Bojonegoro
(Drs. Hanafi, MM)
Sambutan Kepala Dinas Kebersihan, Pertamanan, dan Pemakaman Kab. Bojonegoro
(Dra. Nurul Azizah,MM)
Sambutan Ketua Komite SMAN 1 Bojonegoro
(dr. Syamsuri,S.Pog)
(Verifikasi Administrasi Adiwiyata) 
(Komite dengan Tim Verifikasi Adiwiyata)
(Semangat Bpk/Ibu Guru Menuju Sekolah Adiwiyata Jawa Timur)
Pemberian Cindera Mata 
Pemberian Cindera Mata
Foto bersama (Penutupan)


     

Tim Tari SMAN 1 Bojonegoro

[27/04/2016], Festival / Pekan Seni Pelajar ke-III Cabang Seni Tari Jenjang SMA/SMK/MA Bojonegoro 2016 yang diselenggarakan di aula Dinas Pendidikan Kabupaten Bojonegoro, Tim Tari SMA Negeri 1 Bojonegoro berhasil meraih juara ke-1. Tim Tari yang dibina oleh ibu Sukiswati,S.Pd dan Rere Marintha,S.Pd ini menambah koleksi 1 gelar juara lagi sekaligus berhasil mengantarkan SMA Negeri 1 Bojonegoro dinobatkan sebagai juara umum di ajang Festival / Pekan Seni Pelajar ke-III Jenjang SMA/SMK/MA Bojonegoro di tahun 2016 ini. 
Berikut daftar koleksi akhir juara yang berhasil diraih SMAN 1 Bojonegoro di Festival / Pekan Seni Pelajar ke-III Jenjang SMA/SMK/MA Bojonegoro tahun 2016:
  1. Juara 1 Festival / Pekan Seni Pelajar ke-III SMA/SMK/MA Bojonegoro :
    - Cabang Seni Teater
    - Cabang Seni Paduan Suara
    - Cabang Seni Vokal Solo
    - Cabang Seni Catur Putri
    - Cabang Seni Pencak Silat
    - Cabang Seni Tekstil
    - Cabang Seni Cipta Puisi
    - Cabang Seni Tari
  2. Juara 2 Festival / Pekan Seni Pelajar ke-III SMA/SMK/MA Bojonegoro :
    - Cabang Seni Renang Putra
    - Cabang Seni Bulu Tangkis Putra dan Putri
    - Cabang Seni Catur Putra
    - Cabang Seni Karawitan
  3. Juara 3 Festival / Pekan Seni Pelajar ke-III SMA/SMK/MA Bojonegoro :
    - Cabang Seni Pencak Silat Putri
    - Cabang Seni Samproh
    - Cabang Seni Renang Putra
    - Cabang Seni Film Pendek
    - Cabang Seni Musikalisasi Puisi
Dokumentasi Festival Seni Tari :
Fotografer : Resty Marintha
Fotografer : Resty Marintha
Fotografer : Resty Marintha
Fotografer : Resty Marintha


KETILANG
(Dening : Fitria Kurnia Dewi - Pembina : Arinis Shofifah,S.Pd)


                Awan iku, Surti dijak bojone lunga menyang kutha. Tarjo, jenenge bojone Surti. Deweke budal menyang kuta numpak sepedah montor.
                “Mas, sepedahe apa wis sampean isi bensin?” pitakone Surti marang Tarjo (bojone).
                “Wis Dek. Isuk mau wis takisi ning pom kanthi bek.” Wangsulane Tarjo.
                “Oo, ya wis. Lha surat-surat sepedah montore wes lengkap apa durung? Aja nganti ana sing keri lho Mas!”
                “Wis Dek wis! Sampean kok dungaren ngelingna aku masalah ngono kuwi dhik? Biasane kok ora ngurusi apa-apa!” pitakone Tarjo bingung ngerti tingkah polahe Surti ora kaya biasane.
                “Kena apa to Mas? Aku ngene iki kan ya pengen dadi bojo sing bisa ngilingake bojone supaya ora ana kedadean sing ora dikarepi.”
                “Oalah ngunu to Dek! Ya wis nek ngono, helm e ndang dijupuk terus ayo budhal mumpung durung udan. Biasane jam-jam sakmene iku wayahe udan.”
                “Iya Mas.”
                Deweke budal. Surti lungguh neng mburine Tarjo karo cekelan raket banget. Ing tengah dalan Surti ngrasa sumuk lan panas. Awan iku ora kaya awan sing biasane. Biasane saben awan udan, nanging awan iki kok ora udan.
                Surti wis ora betah, dheweke langsung nyopot helm sing ana ing sirahe.
                “Priittt priitt priitt” swara sempritane pak polisi muni.
                “Loh Mas? Ana apa iki? Kok akeh polisi ning kene?” pitakone Surti bingung.
                “Oalah, ana oprasi lalu lintas iki Dek. Wis gak usah wedi, surat-surate wis lengkap kok!”
                “Iya Mas.”
                Polisi iku marani Tarjo lan Surti.
                “Sugeng siyang pak!” salame polisi iku marang Tarjo lan Surti.
                “Sugeng siyang! Wonten napa nggih pak pol?” pitakone Tarjo.
                “Panjenengan kula tilang pak!” wangsulane polisi kanthi teges.
                “lho pak pol? kula salah napa? Surat-surat sampun lengkap, spion sepedah nggih lengkap, kula nggih mbekta helm. Salah kula napa pak pol?”
                Tarjo kaget banget. Deweke ora ngrasa salah nanging kok ditilang? Dheweke bingung. Surti ya melu kaget. Deweke ya ora ngrasa salah.
                “Nggih pak pol, bojo kula salah napa kok sampek panjenengan tilang?”
                “Bojone panjenengan niku boten salah bu. Sing salah niku panjenengan!” cethane pak polisi.
                “Kula? Lho kula salah napa pak pol?” Surti kaget, deweke bener-bener oara ngrasa salah.
                “Panjenengan mbekta helm napa boten bu?”
                “Nggih mbekta to pak pol. Lha niki lak helm kula!” Surti nduding helm e.
                “Helm e panjenengan kok boten didamel bu? Kok mung digawa tok? Punapa bu?”
                “Kula sumuken pak pol! Hawane wis panas malah nggawe helm pisan, nggih kula copot mawon.” Jelase Surti.
                “Lha niku bu, salahe panjenengan nggih niku! Panjenengan mbeta helm nanging kok boten didamel. Saumpama ana kedadean ingkang boten dikarepi pripun?” pituture pak polisi.
                “Oo, nggih pak pol, sepuntene kula boten matuhi aturan-aturan lalu lintas! Kula boten mbaleni niki malih kok pak! matur suwun sampun diilingake!”
Surti lagi sadhar yen dheweke salah lan ora bakal mbaleni kedadean iku maneh.

Tim Karawitan SMAN 1 Bojonegoro
[26/04/2016], Festival / Pekan Seni Pelajar ke-III Cabang Seni Karawitan Jenjang SMA/SMK/MA Bojonegoro 2016 yang diselenggarakan di aula Dinas Pendidikan Kabupaten Bojonegoro, Tim Karawitan SMA Negeri 1 Bojonegoro berhasil meraih juara ke-2. Tim karawitan yang dibina oleh ibu Sukiswati,S.Pd dan Rere Marintha,S.Pd ini tentu menambah koleksi gelar juara di ajang Festival / Pekan Seni Pelajar ke-III Jenjang SMA/SMK/MA Bojonegoro tahun 2016. 

Berikut daftar koleksi sementara juara yang berhasil diraih SMAN 1 Bojonegoro di Festival / Pekan Seni Pelajar ke-III Jenjang SMA/SMK/MA Bojonegoro tahun 2016:
  1. Juara 1 Festival / Pekan Seni Pelajar ke-III SMA/SMK/MA Bojonegoro :
    - Cabang Seni Teater
    - Cabang Seni Paduan Suara
    - Cabang Seni Vokal Solo
    - Cabang Seni Catur Putri
    - Cabang Seni Pencak Silat
    - Cabang Seni Tekstil
    - Cabang Seni Cipta Puisi
  2. Juara 2 Festival / Pekan Seni Pelajar ke-III SMA/SMK/MA Bojonegoro :
    - Cabang Seni Renang Putra
    - Cabang Seni Bulu Tangkis Putra dan Putri
    - Cabang Seni Catur Putra
    - Cabang Seni Karawitan
  3. Juara 3 Festival / Pekan Seni Pelajar ke-III SMA/SMK/MA Bojonegoro :
    - Cabang Seni Pencak Silat Putri
    - Cabang Seni Samproh
    - Cabang Seni Renang Putra
    - Cabang Seni Film Pendek
    - Cabang Seni Musikalisasi Puisi

Keplayu Dhemit Ngganteng
 (Dening Deasy Fitria Ramadhani - Pembina : Arinis Shofifah,S.Pd )

Iya iki aku, bocah wadon umur pitulas tahun sing biyasane dadi "doktering katresnan". Cita-citaku sakjane dadi dokter tenanan senajan aku ora pinter pelajaran biologi, doktering katresnan dadi penggawean sampinganku. Piye maneh? Kanca-kancaku mesti njaluk pitulung aku, mbuh ya tutorial dadi jomblo sing apik utawa saran kepriye carane nglaliake wong kang di sengsemi. Kadhang aku bingung. Kenapa kok takon aku?
Umpamane kancaku siji iki, dheweke lagi pengenbmove on tekan "mantan" gebetane. Aladane sepele, jerene mantan gebetane kuwi ora peka. "Piye carane move on, bi?" Pitakone kancaku kang tak sensor jenenge.
"He? Carane ? Sing pertama buwak kabeh samubarang ngenani dheweke. Umpamane fotone sing kok screenshot ing instagram," ucapku santai.
"Terus?" Pitakone maneh. Lambene ndomblong ngenteni jawabanku.
"Terus kowe kudu janji karo awakmu dhewe kudu iso nglaliake dheweke," ucapku. Dheweke manthuk-manthuk banjur mlaku metu saka kelas.
Dina iki aku lumayan kesel. Aku nganti ora bisa tuku jajan ing kantin lan saiki wetengku dadi lesu banget. Pasienku padha ngantri njaluk saran tresna. Aduh, pegel kabeh awakku!
Kriiiiing....kriiiiing.....
Walah wayahe mulih sekolah, bubar iki arep ndeleng anime lan mangan keripik kentang. Mesti uenak. Mulih sekolqh aku mampir ing indomaret tuku keripik kentang, wafer coklat lan lolipop. Banjur mulih numpak sepeda unta sing paling tak sayangi.
Ing tengah dalan kang wes cedhak ing kompleks omahku, tak deleng langite mendung. Banyu ufan ceblok nelesi sragam putih-putihku. Duh, mati aku! Tak pancal cepet sepeda untaku. Nalika aku ngusap mripatku kang kena banyu udan, aku ora sengaja nabrak bocah lanang kang nyebrang ing dalan. Bocah lanang kuwi tiba ing tengah dalan. Banjur tak parani bocah lanang kuwi.
"Eladalah! Ya Allah sepurane yo aku wis nabrak awakmu," ucapku nang bocah lanang kuwi.
"Iyo ora popo," wangsule cekak banjur mgadheg lan ngresiki klambine.
Untunge bocah kuwi ora kena apa-apa, banjur aku mulih ing omah. Ing prasasatku, aku tau ngerti bocah kuwi. Tapi ing ngendi?
Alhamdulillah teka omah sragamku ora pati teles. Dadine mulih langsung adus banjur ngadep laptop ndeleng anime sing tak senengi.
"Ya Allah!" Aku saiki eling, bocah lanang mau mirip karo lakon ing anime. Rambute, wajahe lan swarane mirip banget karo lakon kuwi. Bener wae aku ngeroso tau ngerti. Nanging sapa ya bocah kuwi?
“Hei bi, kadungaren kowe budhal esuk. Kesurupan setan opo kowe iki?” tembunge lintang rada ngenyek.
“Astaghfirullah, kowe iki kanca budhal esuk malah ngomong sing aneh-aneh,” ucapku rada gela banjur lungguh ing lungguhanku.
“Yo sepurane to bi, biasane kan kowe tekan sekolah 3 menit sadurunge bel,” tembunge Lintang maneh, saiki omongane dadi luwih ngenyek.
“Kan gue mau jadi lebih baik bro,” ucapku santai.
“Guaya tenan kowe ngomong nganggo basane cah Jakarta. Yo wis sak karep-karepmu aku ora urus. Eh yo bi opo kowe wis ngerjakno PR fisika sing 5 soal?” swarane Lintang rada banter teka lungguhan paling ngarep.
“Walah! Ana pr ta? Aku lali!”
Sabubare krungu tembunge Lintang, aku banjur njupuk buku prku lan buku paket fisika. Sanalika aku ngerjakake PR Pak Jodhi guru fisikaku rawuh ing kelas. Duh mati aku!
“Assalamualaikum. Murid-muridku sekalian dina iki ana murid anyar kang bakal dadi kanca anyarmu. Bintang rene mlebu,” tembunge pak Jodhi saka ngarep kelas karo ngawe bocah kang disebut.
“Ku... kula pak?”, ucapku rada gupuh.
“Dudu kowe bi, Bintang sing iki lo. Bintang ayo mlebu!” ucape Pak Jodhi karo marani bocah kang disebut.
“Nggih pak,” tembunge bocah kuwi
“Para kanca, jenengku Bintang Suprijanto. Biyasane di celuk Bintang,” ucape bocah kuwi karo nulis jenenge nang papan tulis.
“Lho! Ojo Bintang jenengku podo karo jenengmu!” tembungku nganggo swara paling  buanter.
“Lha terus?” ucap bocah, wajahe katon bingung
“Eh jenengmu Bintang Sopo? Bintang Suprijanto. Supri! Kowe tak celuk Supri wae,” tembungku santai.
“He! Supri?”
Sak kelas banjur ngguyu kepingkel-pingkel amarga tembungku. Lha piye maneh, aku emoh salah paham koyo mau nalika diceluk Pak Jodhi.
“Bintang eh Supri lungguhanmu ing sampinge Bintang.”
“Ha? Eh nggih pak.”
Wis 2 sasi aku lungguh jejer karo  manungsa sing kembar karo lakon ing anime tapi sifate ora kembar. Contohe kaya saiki, manungsa iki ngenyek penggawean sampinganku dadi doktering katresnan sing wis terkenal. Jerene penggaweanku gak pentinglah, ora jelaslah. Walah musibah tenan nduwe jejeran kaya manungsa siji iki.
“Woi bi, cie nduwe kembaran sesama Bintang,” tembunge Lintang.
“Sepurane ya, aku masih the only Bintang ing kelas iki. Manungsa kuwi dudu Bintang jenenge SUPRI!” gunemku rada gela.
“Biasa wae to bi. Hayo lo benci bisa dadi tresna,” ucape Lintang nyenggol-nyenggol tanganku.
“Ora ngarah aku kesengsem karo manungsa bedigasan kaya ngono kuwi,” ucapku santai.
“Tenan apa ora kuwi mbul?” ucape Lintang ngenyek maneh.
“Tenan. Apa kowe ora bisa percaya karo Doktering Tresna iki?” ucapku.
“Aku ora percaya,” guneme Lintang banjur mlayu sipat kuping.
Ya Allah aku? Seneng karo manungsa kaya ngono kuwi? Ora mungkin! Mesthine radar tresnaku bakal milih-milih wong kang pantes tak tresnani. Kuwi wes pasti.
“Bi, nyilih buku paket matematikamu,” tembunge Supri.
“Iki,” ucapku karo menehna buku matematika.
“Matursuwun,” tembunge Supri alias Bintang banjur dheweke mesem.
Jedut jedut.... Jedut jedut....
Duh kenapa iki aku? Rasane atiku dadi jedut jedut sabubare Bintang eh Supri mesem. Ana apa iki? Apa aku? Alah ora paling jantungku rada ora beres, paling wetengku rada lesu dadi jantungku dadi jedut-jedut.  Eh apa hubungane ya?
“Ana apa Bi? Kok wajahmu rada bingung?”, pitakone Lintang.
“Ha? Ora popo wetengku rada jedut jedut. Mau budhal sekolah durung sarapan,” wangsulku mbujuki Lintang.
“Weteng opo jantungmu?” ucape Lintang, mripate kethip-kethip.
“Ealah sak karepmu ae,” ucapku banjur mlaku mlaku metu saka kelas.
“Hayo lo ati-ati kowe kesengsem karo Suprih,” ucape Lintang nganggo swara sopran sing bisa wae mecahno gendang kupingku.
Apa aku jatuh cinta karo Supri? Ora-ora mungkin. Nanging Supri ngganteng kok, Supri yo pinter. Ora mungkin! Tapi mungkin wae. Ora mungkin!
Dina iki aku budhal rada telat amarga telat tangi turu. Dadine aku teka sekolah 3 menit sadurunge bel mlebu. “Sugeng enjing bi,” tembunge Janto alias Bintang alias Supri. Bocah kuwi kakehan jeneng celukan, uwis kaya teroris wae.
“He?”, tembungku banjur mlayu sipat kuping kaya bubar pethuk setan.
Aku keplayu bubar pethuk Supri mau. Aku ora ngerti kenapa aku dadi kaya ngene. Aku bingung. “Bi, kowe kenopo?” pitakone Lintang rada kuatir ndeleng wajahku sing kaya  bubar ketemu dhemit.
“Lintang, apa gugup nalika ketemu dhemit ngganteng bisa nggawe aku  nandang kasmaran?” pitakonku.
“Dhemit? Duh bi, aku wedi. Nang endi kowe ketemu dhemite?,“ ucape banjur ndelik ing ngguriku.
“Kuwi,” ucapku karo nunjuk bocah kang liwat ing ngarepku
“Bintang Suprijanto?”


[25/04/2016], Perolehan sementara peraihan gelar juara SMA Negeri 1 Bojonegoro di ajang festival / pekan seni pelajar ke-III jenjang SMA/SMK/MA Bojonegoro 2016, 
  1. Juara 1 Festival / Pekan Seni Pelajar ke-III SMA/SMK/MA Bojonegoro :
    - Cabang Seni Teater
    - Cabang Seni Paduan Suara
    - Cabang Seni Vokal Solo
    - Cabang Seni Catur Putri
    - Cabang Seni Pencak Silat
    - Cabang Seni Tekstil
    - Cabang Seni Cipta Puisi
  2. Juara 2 Festival / Pekan Seni Pelajar ke-III SMA/SMK/MA Bojonegoro :
    - Cabang Seni Renang Putra
    - Cabang Seni Bulu Tangkis Putra dan Putri
    - Cabang Seni Catur Putra
  3. Juara 3 Festival / Pekan Seni Pelajar ke-III SMA/SMK/MA Bojonegoro :
    - Cabang Seni Pencak Silat Putri
    - Cabang Seni Samproh
    - Cabang Seni Renang Putra
    - Cabang Seni Film Pendek
    - Cabang Seni Musikalisasi Puisi
0

Fotographer : Agil F

[23/04/2016] Sabtu, Festival / Pekan Seni Pelajar ke-III Cabang Seni Pencak Silat Jenjang SMA/SMK/MA di selenggarakan di GOR Singoyono Bojonegoro. Pertandingan pencak silat yang menjunjung tinggi rasa persaudaraan dan jiwa kesatria ini berlangsung sangat seru dan atraktif. Semangat dan mental dari masing-masing kontestan yang luar biasa serta sikap "ketenangan" yang ditunjukan membuat pertandingan "enak" dilihat, seru dan menegangkan. SMA Negeri 1 Bojonegoro turut berpastisipasi dalam ajang festival pertandingan pencak silat ini. Sekolah mengirimkan 4 kontingen dalam ajang pertandingan pencak silat ini, dan hasil yang diaih SMA Negeri 1 Bojonegoro berhasil meraih juara 1 putra  dan juara 3 putra dan putri dalam ajang festival / pekan seni pelajar cabang seni pencak silat ini. Selaku pembina pencak silat Agil Fitrianto P sangat bersyukur dan senang atas usaha dan prestasi yang sudah diraih atas anak didiknya. Harapannya SMAN 1 Bojonegoro yang mewakili festival cabang seni pencak silat Bojonegoro ini dapat lolos ke tingkat propinsi dan nasional. 

Berikut dokumentasi festival / pekan seni pelajar cabang seni pencak silat :


Juara 1 Putra Pencak silat

Juara 3 Putri Pencak Silat

Video Pertandingan Pencak Silat (Agil F)







Rikala Tuwa Mbesuk
(Dening : Kurnia Desy Arimukti - Pembina Arinis Shofifah,S.Pd)

Wengi iki saya sepi  ketambah angin sumilir sing katon nujep rusuk jiwa, wadon ayu rikma cemeng  lagi lenyeh-lenyeh neng pelataran omah nyawang rembulan sing mesam-mesem padhang nyelorot. Nanging wadon iku pandangane abot kaya ana sing digetem. Jenenge pipit, bocah kang lagek lulus SMA lan lagek dadi mahasiswi iku tinggal kaliyan wong tuwa lan enyang kasangane nanging kanyatan pipit ngrasa yen deweke kaya ora tinggal kaliyan wong tuwa, iku amargi kawit cilik dheweke diemong kaliyan eyange. Wong tuwane pipit ewut nyambut gawe neng luar kota lan mulihe rong minggu pisan, ora salah yen pipit luwih lengket kaliyan eyange katimbang wong tuwane.
Sesuk pipit budhal neng luar kota nerusake pendidikan yaiku kuliah. Pipit ora mikir apa-apa kajaba eyang sing ngrawat deweke kawit cilik iku, deweke gundah atine ora ayem ape ninggalake eyang siji-sijine senadyan wis ana mbak inah sing ngrawat eyange.
                “Ndhuk pit.. ayo mlebu omah, yen suwi-suwi neng njaba engko masuk angin, angin wengi iku ora becik gae kesehatan”. Swara alus eyang kang ngajak mlebu njero omah.
                “enggih eyang”. wangsulane pipit bareng nggandheng eyange

*****
Srengenge mintip-mintip arep ngetokake kaendahane. Isuk sing adem iki dadi isuk kang susah kanggo pipit. Amargi deweke ape budhal neng luar kota ninggalake eyang. Pipit banjur pamit marang wong tuwa lan eyange,  luhe ora bisa dibendung kanthi brebes mili teka mata lan irung.
                “ayah, ibu kula pamit nggih, nyuwun donga slamet” pipit salim marang wong tuwa banjur ngrangkul ayah lan ibune
                “eyang pipit badhe sekolah nggih, eyang mugi-mugi diparingi segerwaras lan sae-sae, liburan semester pipit mantuk eyang boten sisah kuwatir”.
Barang-barange pipit wis mlebu mobil banjur pipit mlebu mobil karo dada-dada  lan isih ngusapi eluhe sing ora mandeg-mandeg.
Eyang ngrasa nelangsa amargi putu siji-sijine lungo lumayan suwi, nanging eyang tetep seneng putune bisa nglanjutake sekolah sing sae. Sabendino eyang mung kaliyan mbak inah pembantu kang ngrawat eyang amargi wong tuwane pipit nyambut gawe ora tahu mulih. Eyang mung kapikiran marang putu kasayangane nganthi ora doyan mangan.

*****
Enem wulan kepungkur, pipit wis bar semesteran lan saiki liburan deweke ape mulih neng omah asal. Neng perjalanan pipit katon gincrang-gincrang amargi wis gak sabar pengen kapetuk eyange, lan pengen kangen-kangenan kaliyan keluarga.
Nganthi omah pipit bungah banget tibakna wong tuwane lagi neng omah ora neng luar kutha. Nanging atine pipit sik ora tentrem kajaba wis kapetuk eyange, pipit linglung matane ngiwa nengen karo nyeluk-nyeluk eyange, nanging eyange ora ana nengdi - nengdi. Banjur dheweke takon marang ibuke,
“ibu, eyang dhateng pundhi kok boten enten?” takone pipit marang ibuke
“Eyang tindak ndhuk” wangsulane ibu pipit
“tindak pundhi bu?, eyang kan sampun sepuh?” Takon pipit malih, nanging ora digubris  karo ibu malah etog-etog ora krungu.
“bu jawab pipit, pipit kangen kaliyan eyang”. Amargi pipit ndedes ibuke njawab banjur ibuke ngomong satenane.
“eyang neng panti jompo ndhuk, ibu susah nyawang eyang sing ora gelem mangan, ibu lan ayah yo ewut nyambut gawe, mbak inah mulih neng kampung”
“Napa?” pipit sing lagi bungah malih wajahe suntrung ciyut, ora ana sing bisa diucapake malih, deweke ngrasa atine ajur mumur rakaroan amargi eyang sing disayang banget ana neng panti jompo, pipit kuwatir lan ora bisa mbayangna nasib eyange sing ora kenal kaliyan tiyang-tiyang neng panti jompo.
Pipit langsung mlebu kamar, ambegane seseg eluhe drodosan, dheweke ora nyangka ibu lan ayah tega ninggalake eyang siji-sijine neng panti jompo. Eyang sing wis nglairna lan ngedekake sampek bisa kaya mengkene sukses.
Apa aku mbesuk kaya ngunu lali kaliyan wong tuwa?
Apa nasibku mbesuk kaya eyang? Takone pipit njero ati
Pipit sing wis sawengi nangis gawe waswas wong tuwane, kabeh cara wis dilakoni gawe mbujuk pipit metu teka kamar.
Ujug-ujug pipit metu teka kamar karo neng tangane nggenggem album poto keluarga. Pipit nuduhake album iku neng wong tuwane tanpa ucap. Album kang wis lawas kebeg debu sing  ora tahu disawang nanging isine kebeg makna.
Ayah lan ibune pipit bingung maksude pipit, langsung dibuka album iku mata ibune pipit mbrabak lan saya suwe eluhe netes.
“Pipit janji rikala mbesuk ayah lan ibu tuwa, pipit badhe ngrawat ayah lan ibu”, ucape pipit bareng ngrangkul ayah lan ibune.
                Eyang mbalik mulih neng omah, saiki eyang, ayah, ibu, lan pipit wis kumpul dadi kulawarga sing utuh lan bagya.

Judul Film "Batas Bebas" (Dikisahkan seorang gadis yang mencari jati diri di masa remajanya)

Hasil Festival / Pekan Seni Pelajar ke-III Cabang Seni Film Pendek SMA/SMK/MA yang di selenggarakan di SMA Negeri 2 Bojonegoro :
  1. Juara I diraih oleh SMA Negeri 2 Bojonegoro
  2. Juara II diraih oleh SMK Siang Bojonegoro
  3. Juara II diraih oleh SMA Negeri 1 Bojonegoro

Coca Cola
(Dening Agisna Safarina N - Pembina Arinis Shofifah,S.Pd)

Ing almari Dita nemukake cangkir antic di deleng deleng kanthi titi, cangkir kang bermotif warna biru gambar kereta jaran kang nyatane salah suwijine cangkir kesayangan ibune. Cangkir iku narik kawegaten sanget gae wong sing pirsa dados pengin ngagem. Dita mbukak kulkas digolekake coca cola minuman kesenengane. Jebul dheweke nduwe ide
”kepriye yen aku ngagem cangkir iki?” Dita nuang coca cola ing cangkir iku
Diombe “glek.. glek.. glek..”
Dheweke ngerasakake sensasi kang beda sinambi mejamno mripat. Jebul pas dibuka deweke ana ing panggon kang bedo gelap, sepi, cuma ana segerumpelan wong kang ngagem topeng gerumpeli wong kang ora ngagem topeng, wong iku di suduk banjur ilang. Jebul enek wong kang setengah topengan narik tangane
“Kenapa awakmu saget dateng mriki? Nek awakmu ketemu wong wong iku saget di musnahna ayo tak terna mulih”
“Ana apa iki? Kenapa wong iku dipateni? Salah apa dheweke?
“Saben wong kang ora ngagem topeng ing donya nyata ateges wis mati dados kudu dimusnahake, kene kabeh iku bayangan wong wong ing donya nyata”
“Dadi maksude wong wong kang ana ing kene iku kembarane ana ing donya nyata? banjur kenapa awakmu ngagem topeng separo?”
“Ing donya nyata aku lagi koma”
“Woy, ana apa kae bisik bisik?”
Wong wong iku marani dita lan topeng separo
“Ora ana apa apa”
“Dheweke ora nganggo topeng ayo dieksekusi!’’
“Stop stop mandhek deleng raine ana tandha cahya biru dheweke dudu makhluk kene dheweke tersesat”
“ah ora urus, ayo ekseskusi”
“mendek mendek bener topeng separo, dheweke dudu makhluk kene, beno mere!”
“ayo dit mere!”
Kene melayu sak adoh adohe ngelewati semak semak sampe tekan alas, moro moro deweke lan topeng separo diserang serigala
“Dit, merea sing adoh dit, mlayu cepet” jere topeng separo
Dita bingung, dheweke njupuk watu sing gedhe go ngepruk serigala iku, serigala iku pungkasane mlayu. Topeng separo ngaturake matur suwun sanget kaliyan Dita
“Matur suwun Dita”
“Iyo peng, padha - padha”
“Kene Konconan kan Dit?”
“Ora mung konconan kene saduluran, sesama dulur kudu sarwa nulung” :D
Kene mlaku terus tanpa mendeg kanthi srengenge muncul lan sampe tekan kutha. Ing kutha kahanane sejuk sanget ora ana polusi lan endah. Rasane Dita ora pengen beranjak ing kutha iku.
“Ing kene kuthane sejuk sanget yo peng, ora kaya ing donyaku”
“Kene ing kene ora gunakake bahan bakar kaya ing donyam, kene urip ora butuhake mesin, ayo tak terake mulih”
“Oh, ngono aku ngerti, matur nuwun peng”
“Lha ing kunu awakmu isa mulih”
“Dita mlebu ing terowongan iku”
Dita melek banjur dinten wis esuk, Dita ora ngira yen deweke iku ngimpi, pirang pirang dinten deweke nyoba ngombe coca cola ing cangkir iku maneh nanging dheweke ora tau melbu ing alam iku maneh dheweke pengin ketemu dulure lan ing panggon iku maneh. Dita uga mbuh ruh mbuh ora yen topeng separo isih ana ing donya nyata opa ora.


[20/04/2016] Fesitval / pekan seni pelajar ke-III cabang seni samproh jenjang SMA/SMK/MA diselenggarakan di SMK Negeri 2 Bojonegoro. Jumlah peserta tim yang ikut dalam pekan seni pelajar cabang seni samproh berjumlah 9 tim. Lantunan lagu bernuansa islami didendangkan oleh peserta lomba melalui musik samproh. Kepiawaian peserta lomba dalam memainkan alat musik rebana diberikan "applaus" oleh para penonton. 

Berikut hasil festival / pekan seni pelajar cabang seni samproh jenjang SMA/SMK/MA :  
  1. Juara I diraih oleh Tim Samproh SMA Plus Al-Fatimah
  2. Juara II diraih oleh Tim Samproh SMKN 1 Bojonegoro
  3. Juara III diraih oleh Tim Samproh SMAN 1 Bojonegoro
  4. Juara Harapan I diraih oleh Tim Samproh SMAN 4 Bojonegoro
  5. Juara Harapan II diraih oleh Tim Samproh SMAN 1 Kalitidu
  6. Juara Harapan III diraih oleh Tim Samproh SMAN 3 Bojonegoro
Hasil festival / pekan seni pelajar cabang seni nyanyi solo jenjang SMA/SMK/MA yang diselenggarakan di SMPN 5 Bojonegoro :
  1. Juara I diraih oleh SMAN 1 Bojonegoro
  2. Juara II diraih oleh SMAN 4 Bojonegoro
  3. Juara III diraih oleh SMAN 2 Bojonegoro
Berikut dokumentasi tim samproh dari SMAN 1 Bojonegoro :



CERITANE LOMBA SELFIE
(Dening Achmad Farabi Calyandra - Pembina Arinis Shofifah,S.Pd)

Awan iku Sariyem lan Tatik katon cekikikan ning pinggir tambak wetan sekolahan. Kalorone asyik nontoni hape sajak ana sing wigati. Saka kadohan Lik Sri sing padatane dodol pentol bingung weruh bocah loro ngguya-ngguyu tanpa sebab, wusanane Lik Sri ngaruhi
“Yem, Tik lagi padha ngapa kuwi, ngguya ngguyu ora jelas, kaya bocah kesambet”
“Hahaha..haduh Lik, ngganggu wae sih. iki aku karo Tatik lagi milih foto arep tak elokne lomba” semaure Sariyem
“Lomba apa ta? Ana hadiahe ra?” Lik Sri sing pancen kawentar minangka pemburu hadiah langsung melu nggabung
***
“Iki Lik, lombane foto selfie kudu pamer jentik sing wis dicelup tinta bukti melu coblosan, iki lombane ya dalam rangka coblosan Pak Kades lik, Hadiahe mengko diparingi marang Pak Kades ingkang kepilih” Tatik nerangke
“Weh, lha kebeneran iki, aku lagi wae mari mulih nyoblos, ki jentikku isih ungu, nanging sik sedhela kowe-kowe kan isih SMP, apa ya wis oleh nyoblos kok isa melu lomba?” Lik Sri katon gumun
“Hehehehe..yo durung oleh to Lik” jawabe Sariyem karo mesam mesem
“Lha kuwi buktine jentikmu wis malih warni dadi ungu?” Lik Sri bingung
“Wah wah wes taun 2015, dadi bocah ki mesti kudu cerdas Lik ora kaya Lik Sri seng isih jadul, masiya durung oleh nyoblos terus mumpung jentikanku cantengen yo an, nanging yen mung ndadekna jentik dadi ungu kan gampang, iki mau nganggo mangsi stempel tokone bapak,lha hadiahe njalari kepincut sih.  Eh nanging aja omong sapa-sapa lho Lik” welinge Tatik sing mbuka wadi
“Eladalah..lha bocah pada urik kabeh iki yo, ya aku janji ora ngomong nanging aku mbok ya difoto ben isa melu lomba kaya awakmu kuwi” Lik Sri nyoba nego marang Sariyem lan Tatik

***
“Hmm..piye ya, ya wis lah santai lik, sapa ngerti ngko panitia lomba milih jentik sing paling lemu lemu sing menang” ujare Sariyem karo mesem jail
Lik Sri nyaut “Walah omonganmu atos yem masiya lemu jentik iki berkhasiat nduk hehehe”
Banjur kuwi Sariyem lan Tatik ngguyu kemekelen gara gara guyonane Lik Sri mau.
“Yowes lang ayo padha pose jentikan e kudu kethok lo ya” Tatik ngomong.
Banjur menika Sariyem nyaut “Oh iyo lik Sri congore manyun o saithik yo oleh lik”
“Congor dapuranmu yem sing luwih apik maneh iso gak kowe iki” Gunem Lik Sri.
“Eee ya ngapura lik yowis cobi cingure lik Sri di manyunke hahaha” guyon e si Sariyem.
Lik Sri dadi melu ngguyu gara gara Sariyem mau. Wong telu mau akhire pose terus foto neng ngarepe kamera hp seng dicekel Tatik.
Banjur foto foto kuwi Lik Sri ngendika “Oh iyo sampe lali aku tak ning omahe Pakdhe Basuki sek nek no yo”
“Lha..ngopo maneh ta Lik, ki jepretan e wes uakeh Je lik” Sariyem protes
“Lha kowe ki piye to, lali opo? Jare mau lomba foto selfie, yo aku arep ning nggone Pakdhe Basuki methuk i Selfie anake kae ben iso foto bareng kene mengko” jare Lik Sri.
Tatik lan Sariyem langsung ndalom lan ngandani Lik Sri opo foto selfie kuwi
“wooooo…. Piye to lik ya foto foto dek mau kuwi lik sing jenenge foto Selfie ora malah nggolek I selfie sik lagek di jak foto lagian ya anak e Pakdhe Basuki menika ya tasih kuliah ingkang Bandung ta lik mosok ape diajak bereng”.
“Oalah kuwi mau ta jenenge foto selfie, e lhayo ndhuk aku wis ketinggalan jaman nduk ngeneki seng tak roh I mung dodol pentol wae nduk pentol seng akeh mie ne kuwi lo hehehe” guyon Lik sri.
“Kuwi apa gak lagu ta lik, Yowis lik ayo lang dipilihi foto mau sing paling apik terus mari kuwi ndang ayo dikirim lewat twitter ben kene iso dadi pemenang” jare Tatik.

****
Seminggu mari ngono pengumuman sopo pemenang lomba foto selfie sak Desa Suwung diumumke.
“Aku wis gak sabar dadi pemenang lomba foto selfie iki” Guneme Lik Sri. “Kene bereng lik mugi mugi kene iso dadi pemenang lomba foto iki yo lik” jawab Sariyem lan Tatik. Akhire pengumuman pemenang lomba foto selfie diumumke, pak kades maosaken sopo pemenange lomba selfie menika
“Ingkang dados pemenang saka lomba selfie sak Desa Njampet menika wes dipastikaken foto paling alay lan paling heboh yaiku foto kiriman tekaaaaaa….. Sariyem,Tatik,lan Lik Sri Binti Sukimin”. Wong telu mau langsung lonjak lonjak senengen gara gara fotone dadi pemenang foto selfie sak desa suwung lan hasil hadiah saka lomba mau pungkasane dibagi roto. Pak Kades langsung ngampiri wong telu mau nggo ngucapi selamat marang Sariyem,Tatik,lan Lik Sri
“Wahhh selamat lo ya fotone kowe kowe padha jos jos tenan ngono kuwi belajaran karo sapa?” takok Pak Kades
“Lhooo ngeneki nggih otodidak ta pak kades sampun bakat alami” jere Tatik
“Walah bocah jaman saiki padha doyan foto foto selfie ta ya wes bener bener jaman edan saiki hahaha” saut Pak Kades
Wong telu mau kaliyan Pak Kades ngguyu kemekelen gara gara omongane Pak Kades mau.
“Oh iyo ana hadiah neh marang aku dewe ki” tambah Pak Kades
“Apa iku pak?” Takok Sariyem heran.
“Foto selfie seng juara iki arep tak dadi no banner terus tak pajang neng balai desa ben iso dadi panutan desa desa sebelah ben dadi desa kreatif koyo Desa Njampet iki” jere Pak Kades
Lik Sri ngomong “Walah dadi sungkan pak hehehe”
Pungkasane foto selfie saka Sariyem,Tatik,lan Lik Sri menika dipajang ning balai desa lan Desa Njampet dadi Desa kreatif sak Kecamatan Suwungagung