Menu

Ceritane Lomba Selfie


CERITANE LOMBA SELFIE
(Dening Achmad Farabi Calyandra - Pembina Arinis Shofifah,S.Pd)

Awan iku Sariyem lan Tatik katon cekikikan ning pinggir tambak wetan sekolahan. Kalorone asyik nontoni hape sajak ana sing wigati. Saka kadohan Lik Sri sing padatane dodol pentol bingung weruh bocah loro ngguya-ngguyu tanpa sebab, wusanane Lik Sri ngaruhi
“Yem, Tik lagi padha ngapa kuwi, ngguya ngguyu ora jelas, kaya bocah kesambet”
“Hahaha..haduh Lik, ngganggu wae sih. iki aku karo Tatik lagi milih foto arep tak elokne lomba” semaure Sariyem
“Lomba apa ta? Ana hadiahe ra?” Lik Sri sing pancen kawentar minangka pemburu hadiah langsung melu nggabung
***
“Iki Lik, lombane foto selfie kudu pamer jentik sing wis dicelup tinta bukti melu coblosan, iki lombane ya dalam rangka coblosan Pak Kades lik, Hadiahe mengko diparingi marang Pak Kades ingkang kepilih” Tatik nerangke
“Weh, lha kebeneran iki, aku lagi wae mari mulih nyoblos, ki jentikku isih ungu, nanging sik sedhela kowe-kowe kan isih SMP, apa ya wis oleh nyoblos kok isa melu lomba?” Lik Sri katon gumun
“Hehehehe..yo durung oleh to Lik” jawabe Sariyem karo mesam mesem
“Lha kuwi buktine jentikmu wis malih warni dadi ungu?” Lik Sri bingung
“Wah wah wes taun 2015, dadi bocah ki mesti kudu cerdas Lik ora kaya Lik Sri seng isih jadul, masiya durung oleh nyoblos terus mumpung jentikanku cantengen yo an, nanging yen mung ndadekna jentik dadi ungu kan gampang, iki mau nganggo mangsi stempel tokone bapak,lha hadiahe njalari kepincut sih.  Eh nanging aja omong sapa-sapa lho Lik” welinge Tatik sing mbuka wadi
“Eladalah..lha bocah pada urik kabeh iki yo, ya aku janji ora ngomong nanging aku mbok ya difoto ben isa melu lomba kaya awakmu kuwi” Lik Sri nyoba nego marang Sariyem lan Tatik

***
“Hmm..piye ya, ya wis lah santai lik, sapa ngerti ngko panitia lomba milih jentik sing paling lemu lemu sing menang” ujare Sariyem karo mesem jail
Lik Sri nyaut “Walah omonganmu atos yem masiya lemu jentik iki berkhasiat nduk hehehe”
Banjur kuwi Sariyem lan Tatik ngguyu kemekelen gara gara guyonane Lik Sri mau.
“Yowes lang ayo padha pose jentikan e kudu kethok lo ya” Tatik ngomong.
Banjur menika Sariyem nyaut “Oh iyo lik Sri congore manyun o saithik yo oleh lik”
“Congor dapuranmu yem sing luwih apik maneh iso gak kowe iki” Gunem Lik Sri.
“Eee ya ngapura lik yowis cobi cingure lik Sri di manyunke hahaha” guyon e si Sariyem.
Lik Sri dadi melu ngguyu gara gara Sariyem mau. Wong telu mau akhire pose terus foto neng ngarepe kamera hp seng dicekel Tatik.
Banjur foto foto kuwi Lik Sri ngendika “Oh iyo sampe lali aku tak ning omahe Pakdhe Basuki sek nek no yo”
“Lha..ngopo maneh ta Lik, ki jepretan e wes uakeh Je lik” Sariyem protes
“Lha kowe ki piye to, lali opo? Jare mau lomba foto selfie, yo aku arep ning nggone Pakdhe Basuki methuk i Selfie anake kae ben iso foto bareng kene mengko” jare Lik Sri.
Tatik lan Sariyem langsung ndalom lan ngandani Lik Sri opo foto selfie kuwi
“wooooo…. Piye to lik ya foto foto dek mau kuwi lik sing jenenge foto Selfie ora malah nggolek I selfie sik lagek di jak foto lagian ya anak e Pakdhe Basuki menika ya tasih kuliah ingkang Bandung ta lik mosok ape diajak bereng”.
“Oalah kuwi mau ta jenenge foto selfie, e lhayo ndhuk aku wis ketinggalan jaman nduk ngeneki seng tak roh I mung dodol pentol wae nduk pentol seng akeh mie ne kuwi lo hehehe” guyon Lik sri.
“Kuwi apa gak lagu ta lik, Yowis lik ayo lang dipilihi foto mau sing paling apik terus mari kuwi ndang ayo dikirim lewat twitter ben kene iso dadi pemenang” jare Tatik.

****
Seminggu mari ngono pengumuman sopo pemenang lomba foto selfie sak Desa Suwung diumumke.
“Aku wis gak sabar dadi pemenang lomba foto selfie iki” Guneme Lik Sri. “Kene bereng lik mugi mugi kene iso dadi pemenang lomba foto iki yo lik” jawab Sariyem lan Tatik. Akhire pengumuman pemenang lomba foto selfie diumumke, pak kades maosaken sopo pemenange lomba selfie menika
“Ingkang dados pemenang saka lomba selfie sak Desa Njampet menika wes dipastikaken foto paling alay lan paling heboh yaiku foto kiriman tekaaaaaa….. Sariyem,Tatik,lan Lik Sri Binti Sukimin”. Wong telu mau langsung lonjak lonjak senengen gara gara fotone dadi pemenang foto selfie sak desa suwung lan hasil hadiah saka lomba mau pungkasane dibagi roto. Pak Kades langsung ngampiri wong telu mau nggo ngucapi selamat marang Sariyem,Tatik,lan Lik Sri
“Wahhh selamat lo ya fotone kowe kowe padha jos jos tenan ngono kuwi belajaran karo sapa?” takok Pak Kades
“Lhooo ngeneki nggih otodidak ta pak kades sampun bakat alami” jere Tatik
“Walah bocah jaman saiki padha doyan foto foto selfie ta ya wes bener bener jaman edan saiki hahaha” saut Pak Kades
Wong telu mau kaliyan Pak Kades ngguyu kemekelen gara gara omongane Pak Kades mau.
“Oh iyo ana hadiah neh marang aku dewe ki” tambah Pak Kades
“Apa iku pak?” Takok Sariyem heran.
“Foto selfie seng juara iki arep tak dadi no banner terus tak pajang neng balai desa ben iso dadi panutan desa desa sebelah ben dadi desa kreatif koyo Desa Njampet iki” jere Pak Kades
Lik Sri ngomong “Walah dadi sungkan pak hehehe”
Pungkasane foto selfie saka Sariyem,Tatik,lan Lik Sri menika dipajang ning balai desa lan Desa Njampet dadi Desa kreatif sak Kecamatan Suwungagung