Menu

Coca Cola

Coca Cola
(Dening Agisna Safarina N - Pembina Arinis Shofifah,S.Pd)

Ing almari Dita nemukake cangkir antic di deleng deleng kanthi titi, cangkir kang bermotif warna biru gambar kereta jaran kang nyatane salah suwijine cangkir kesayangan ibune. Cangkir iku narik kawegaten sanget gae wong sing pirsa dados pengin ngagem. Dita mbukak kulkas digolekake coca cola minuman kesenengane. Jebul dheweke nduwe ide
”kepriye yen aku ngagem cangkir iki?” Dita nuang coca cola ing cangkir iku
Diombe “glek.. glek.. glek..”
Dheweke ngerasakake sensasi kang beda sinambi mejamno mripat. Jebul pas dibuka deweke ana ing panggon kang bedo gelap, sepi, cuma ana segerumpelan wong kang ngagem topeng gerumpeli wong kang ora ngagem topeng, wong iku di suduk banjur ilang. Jebul enek wong kang setengah topengan narik tangane
“Kenapa awakmu saget dateng mriki? Nek awakmu ketemu wong wong iku saget di musnahna ayo tak terna mulih”
“Ana apa iki? Kenapa wong iku dipateni? Salah apa dheweke?
“Saben wong kang ora ngagem topeng ing donya nyata ateges wis mati dados kudu dimusnahake, kene kabeh iku bayangan wong wong ing donya nyata”
“Dadi maksude wong wong kang ana ing kene iku kembarane ana ing donya nyata? banjur kenapa awakmu ngagem topeng separo?”
“Ing donya nyata aku lagi koma”
“Woy, ana apa kae bisik bisik?”
Wong wong iku marani dita lan topeng separo
“Ora ana apa apa”
“Dheweke ora nganggo topeng ayo dieksekusi!’’
“Stop stop mandhek deleng raine ana tandha cahya biru dheweke dudu makhluk kene dheweke tersesat”
“ah ora urus, ayo ekseskusi”
“mendek mendek bener topeng separo, dheweke dudu makhluk kene, beno mere!”
“ayo dit mere!”
Kene melayu sak adoh adohe ngelewati semak semak sampe tekan alas, moro moro deweke lan topeng separo diserang serigala
“Dit, merea sing adoh dit, mlayu cepet” jere topeng separo
Dita bingung, dheweke njupuk watu sing gedhe go ngepruk serigala iku, serigala iku pungkasane mlayu. Topeng separo ngaturake matur suwun sanget kaliyan Dita
“Matur suwun Dita”
“Iyo peng, padha - padha”
“Kene Konconan kan Dit?”
“Ora mung konconan kene saduluran, sesama dulur kudu sarwa nulung” :D
Kene mlaku terus tanpa mendeg kanthi srengenge muncul lan sampe tekan kutha. Ing kutha kahanane sejuk sanget ora ana polusi lan endah. Rasane Dita ora pengen beranjak ing kutha iku.
“Ing kene kuthane sejuk sanget yo peng, ora kaya ing donyaku”
“Kene ing kene ora gunakake bahan bakar kaya ing donyam, kene urip ora butuhake mesin, ayo tak terake mulih”
“Oh, ngono aku ngerti, matur nuwun peng”
“Lha ing kunu awakmu isa mulih”
“Dita mlebu ing terowongan iku”
Dita melek banjur dinten wis esuk, Dita ora ngira yen deweke iku ngimpi, pirang pirang dinten deweke nyoba ngombe coca cola ing cangkir iku maneh nanging dheweke ora tau melbu ing alam iku maneh dheweke pengin ketemu dulure lan ing panggon iku maneh. Dita uga mbuh ruh mbuh ora yen topeng separo isih ana ing donya nyata opa ora.