Menu

Keplayu Dhemit Ngganteng

Keplayu Dhemit Ngganteng
 (Dening Deasy Fitria Ramadhani - Pembina : Arinis Shofifah,S.Pd )

Iya iki aku, bocah wadon umur pitulas tahun sing biyasane dadi "doktering katresnan". Cita-citaku sakjane dadi dokter tenanan senajan aku ora pinter pelajaran biologi, doktering katresnan dadi penggawean sampinganku. Piye maneh? Kanca-kancaku mesti njaluk pitulung aku, mbuh ya tutorial dadi jomblo sing apik utawa saran kepriye carane nglaliake wong kang di sengsemi. Kadhang aku bingung. Kenapa kok takon aku?
Umpamane kancaku siji iki, dheweke lagi pengenbmove on tekan "mantan" gebetane. Aladane sepele, jerene mantan gebetane kuwi ora peka. "Piye carane move on, bi?" Pitakone kancaku kang tak sensor jenenge.
"He? Carane ? Sing pertama buwak kabeh samubarang ngenani dheweke. Umpamane fotone sing kok screenshot ing instagram," ucapku santai.
"Terus?" Pitakone maneh. Lambene ndomblong ngenteni jawabanku.
"Terus kowe kudu janji karo awakmu dhewe kudu iso nglaliake dheweke," ucapku. Dheweke manthuk-manthuk banjur mlaku metu saka kelas.
Dina iki aku lumayan kesel. Aku nganti ora bisa tuku jajan ing kantin lan saiki wetengku dadi lesu banget. Pasienku padha ngantri njaluk saran tresna. Aduh, pegel kabeh awakku!
Kriiiiing....kriiiiing.....
Walah wayahe mulih sekolah, bubar iki arep ndeleng anime lan mangan keripik kentang. Mesti uenak. Mulih sekolqh aku mampir ing indomaret tuku keripik kentang, wafer coklat lan lolipop. Banjur mulih numpak sepeda unta sing paling tak sayangi.
Ing tengah dalan kang wes cedhak ing kompleks omahku, tak deleng langite mendung. Banyu ufan ceblok nelesi sragam putih-putihku. Duh, mati aku! Tak pancal cepet sepeda untaku. Nalika aku ngusap mripatku kang kena banyu udan, aku ora sengaja nabrak bocah lanang kang nyebrang ing dalan. Bocah lanang kuwi tiba ing tengah dalan. Banjur tak parani bocah lanang kuwi.
"Eladalah! Ya Allah sepurane yo aku wis nabrak awakmu," ucapku nang bocah lanang kuwi.
"Iyo ora popo," wangsule cekak banjur mgadheg lan ngresiki klambine.
Untunge bocah kuwi ora kena apa-apa, banjur aku mulih ing omah. Ing prasasatku, aku tau ngerti bocah kuwi. Tapi ing ngendi?
Alhamdulillah teka omah sragamku ora pati teles. Dadine mulih langsung adus banjur ngadep laptop ndeleng anime sing tak senengi.
"Ya Allah!" Aku saiki eling, bocah lanang mau mirip karo lakon ing anime. Rambute, wajahe lan swarane mirip banget karo lakon kuwi. Bener wae aku ngeroso tau ngerti. Nanging sapa ya bocah kuwi?
“Hei bi, kadungaren kowe budhal esuk. Kesurupan setan opo kowe iki?” tembunge lintang rada ngenyek.
“Astaghfirullah, kowe iki kanca budhal esuk malah ngomong sing aneh-aneh,” ucapku rada gela banjur lungguh ing lungguhanku.
“Yo sepurane to bi, biasane kan kowe tekan sekolah 3 menit sadurunge bel,” tembunge Lintang maneh, saiki omongane dadi luwih ngenyek.
“Kan gue mau jadi lebih baik bro,” ucapku santai.
“Guaya tenan kowe ngomong nganggo basane cah Jakarta. Yo wis sak karep-karepmu aku ora urus. Eh yo bi opo kowe wis ngerjakno PR fisika sing 5 soal?” swarane Lintang rada banter teka lungguhan paling ngarep.
“Walah! Ana pr ta? Aku lali!”
Sabubare krungu tembunge Lintang, aku banjur njupuk buku prku lan buku paket fisika. Sanalika aku ngerjakake PR Pak Jodhi guru fisikaku rawuh ing kelas. Duh mati aku!
“Assalamualaikum. Murid-muridku sekalian dina iki ana murid anyar kang bakal dadi kanca anyarmu. Bintang rene mlebu,” tembunge pak Jodhi saka ngarep kelas karo ngawe bocah kang disebut.
“Ku... kula pak?”, ucapku rada gupuh.
“Dudu kowe bi, Bintang sing iki lo. Bintang ayo mlebu!” ucape Pak Jodhi karo marani bocah kang disebut.
“Nggih pak,” tembunge bocah kuwi
“Para kanca, jenengku Bintang Suprijanto. Biyasane di celuk Bintang,” ucape bocah kuwi karo nulis jenenge nang papan tulis.
“Lho! Ojo Bintang jenengku podo karo jenengmu!” tembungku nganggo swara paling  buanter.
“Lha terus?” ucap bocah, wajahe katon bingung
“Eh jenengmu Bintang Sopo? Bintang Suprijanto. Supri! Kowe tak celuk Supri wae,” tembungku santai.
“He! Supri?”
Sak kelas banjur ngguyu kepingkel-pingkel amarga tembungku. Lha piye maneh, aku emoh salah paham koyo mau nalika diceluk Pak Jodhi.
“Bintang eh Supri lungguhanmu ing sampinge Bintang.”
“Ha? Eh nggih pak.”
Wis 2 sasi aku lungguh jejer karo  manungsa sing kembar karo lakon ing anime tapi sifate ora kembar. Contohe kaya saiki, manungsa iki ngenyek penggawean sampinganku dadi doktering katresnan sing wis terkenal. Jerene penggaweanku gak pentinglah, ora jelaslah. Walah musibah tenan nduwe jejeran kaya manungsa siji iki.
“Woi bi, cie nduwe kembaran sesama Bintang,” tembunge Lintang.
“Sepurane ya, aku masih the only Bintang ing kelas iki. Manungsa kuwi dudu Bintang jenenge SUPRI!” gunemku rada gela.
“Biasa wae to bi. Hayo lo benci bisa dadi tresna,” ucape Lintang nyenggol-nyenggol tanganku.
“Ora ngarah aku kesengsem karo manungsa bedigasan kaya ngono kuwi,” ucapku santai.
“Tenan apa ora kuwi mbul?” ucape Lintang ngenyek maneh.
“Tenan. Apa kowe ora bisa percaya karo Doktering Tresna iki?” ucapku.
“Aku ora percaya,” guneme Lintang banjur mlayu sipat kuping.
Ya Allah aku? Seneng karo manungsa kaya ngono kuwi? Ora mungkin! Mesthine radar tresnaku bakal milih-milih wong kang pantes tak tresnani. Kuwi wes pasti.
“Bi, nyilih buku paket matematikamu,” tembunge Supri.
“Iki,” ucapku karo menehna buku matematika.
“Matursuwun,” tembunge Supri alias Bintang banjur dheweke mesem.
Jedut jedut.... Jedut jedut....
Duh kenapa iki aku? Rasane atiku dadi jedut jedut sabubare Bintang eh Supri mesem. Ana apa iki? Apa aku? Alah ora paling jantungku rada ora beres, paling wetengku rada lesu dadi jantungku dadi jedut-jedut.  Eh apa hubungane ya?
“Ana apa Bi? Kok wajahmu rada bingung?”, pitakone Lintang.
“Ha? Ora popo wetengku rada jedut jedut. Mau budhal sekolah durung sarapan,” wangsulku mbujuki Lintang.
“Weteng opo jantungmu?” ucape Lintang, mripate kethip-kethip.
“Ealah sak karepmu ae,” ucapku banjur mlaku mlaku metu saka kelas.
“Hayo lo ati-ati kowe kesengsem karo Suprih,” ucape Lintang nganggo swara sopran sing bisa wae mecahno gendang kupingku.
Apa aku jatuh cinta karo Supri? Ora-ora mungkin. Nanging Supri ngganteng kok, Supri yo pinter. Ora mungkin! Tapi mungkin wae. Ora mungkin!
Dina iki aku budhal rada telat amarga telat tangi turu. Dadine aku teka sekolah 3 menit sadurunge bel mlebu. “Sugeng enjing bi,” tembunge Janto alias Bintang alias Supri. Bocah kuwi kakehan jeneng celukan, uwis kaya teroris wae.
“He?”, tembungku banjur mlayu sipat kuping kaya bubar pethuk setan.
Aku keplayu bubar pethuk Supri mau. Aku ora ngerti kenapa aku dadi kaya ngene. Aku bingung. “Bi, kowe kenopo?” pitakone Lintang rada kuatir ndeleng wajahku sing kaya  bubar ketemu dhemit.
“Lintang, apa gugup nalika ketemu dhemit ngganteng bisa nggawe aku  nandang kasmaran?” pitakonku.
“Dhemit? Duh bi, aku wedi. Nang endi kowe ketemu dhemite?,“ ucape banjur ndelik ing ngguriku.
“Kuwi,” ucapku karo nunjuk bocah kang liwat ing ngarepku
“Bintang Suprijanto?”