(Dening
: Riski Maulana Ishak : Pembimbing Arinis Shofifah,S.Pd)
Awakku
kaku, rasane pegel pisan wayah mataku angel dibukak, lan aku milih turu maneh.
Ora dinyana srengenge wis padhang, kamangka jam 5 aku kudu budhal sekolah. Nah ladala saiki wis jam 6, aku banjur mlayu
ning jedhing kanggo adus bar, sakwise iku lungguh sarapan roti siji.
Awakku
banjur mlayu menyang pertelon kanggo nyegat bis nang sekolah. Suasana ning
dalan rame banget, motor karo mobil pada gupohi sak dawane dalan gede, opo
maneh bledugeee.....Ya Allah, fogingan nyamuk iku lo. Nanging ora dadi
masalah, ngene ndah aku tetep kereeenn...yoi Riski Maulana.
Sak
tekane terminal, aku banjur njupuk onthelku nang parkiran, terus aku ngolahi
onthelku koyok Rossi menyang sekolah. Pas 10 menit awakku wes teko sekolah
banjur mblayu nang kelas amarga wes arep bel masuk.
Yo
rek, aku wes ning kelas, yaiku kelas 9-C, kelas sing panggone ana ing lantai
loro lor e lapangan sekolah sing diapit kelas 9-B karo 9-D (yo wes suwi ndes hehe) . Kelasku iki
terkenal kelas sing paling usrek lan rame bocahe, bocahe opo maneh yo ora
pinter tapi yo ra goblok, yo sedengan, tapi asline yo koplak kabeh hahaha... . Sampe- sampe walikelasku
ngakuni lek tiyange iku gelem dadi wali kelas amarga kepekso...duh kadang
disitu saya merasa sedhih tenaaann....
Aku langsung
ning kelas lungguh karo kancaku sing keturunan Tionghoa, nanging lair lan gedhe
neng Jawa, dadine basa lan kebiasaane yo koyok wong Jawa ora malah Tionghoa,
ora blas pokoke. La jenenge iku Ivan Finaldiananta, tapi saking bocahe iku hula-hulu,plonga-plongo, klenga-klengo lan konyol dadine diceluk Acong (hahaha gak nyuambung belas ndes).
Sakwise ndeleh tas aku karo Acong banjur guyon mrono-mrene, mboh parikane saka
Sabang sampe Merauke lan saka Malaysia sampe Pulo Rote..(eladala malah teko malesa).
Jarak
5 menit guruku teka neng kelas..
“Oh iyo Cong, saiki lak pelajaran Jawa!” aku
kaget perkara lali.
“Hehehehe”
Acong nanggepi karo ngguyu saking plonga-plongone.
Aku
banjur mimpin salam, “Sugeng Enjang Buuu....”, kabeh bocah ngucapi salam,
“Sugeng
Enjang bocah-bocah” guruku langsung jawab. Terus pelajaran mulai, saiki
materine yaiku aksara jawa, sakdurunge nglanjut o, guruku iku mbagi nilai
ulangan aksara jawa, lan hasile yaiku sak kelasku pada remidi kabeh kecuali aku
karo kancaku wedok sing jenenge Eriska (cieee...gak
remidi ndes wkwk). Eladala pemirsa, Acong malah entuk biji 15, aku dadine
ngguyu kemekelen, biji karo nomer absene podo hahaha.
“Sing remidi
lang lungguh, trus kerjakno!tulisen soal-soal ning papan iki dadi aksara jawane
sing bener, langsung dikumpulke 2 jam
pelajaran iki!”, utus guruku karo suara sing atos.
“Sing cah loro
mau gak remidi iso ngewangi kanca-kancane ben iso, dadi ora sante-sante ae”.
Guruku ngomong maneh sing gawe awakku kaget.
”Eh..pelanggaran”
swara batinku metu. “Hahaha sepurane Ris, warahi aku yo”, guyon Acong marang
awakku.
“Halah omong,
yowes ayo ngerjake ben cepet bar, ben lulus, kowe sing nyalin”, dadine aku
ngulangi Acong ngerjakno remidine.
Acong ketok lek
ora isa ngerjakno tenan, nulis aksara dasar sing gampang ae yo kangelan. “Ya
Allah Cong jek untung entuk biji Cong”, omongku nang dekne.
“Halah bejo Ris”, jawabe Acong,
“YO POLL!!”,
sautku gregeten. Dadine aku langsung nulis wangsalane lan Acong nyalin ning
lembar jawabane ben cepet bar.
2 jam pelajaran
wis mathuk bar...
“Wis kabeh?” ,
takon saka guruku sing gawe kaget aku lan Acong sing rame dewe karo arek-arek
liyane, nanging ngene ndah wis bar ngerjakne tugas e ndes.
“Sampun bu”,
jawab bocah-bocah sak kelas. Bocah-bocah yo aku karo Acong langsung meneng klekep,
ora enek sing wani obah apa maneh omongan, kabeh meneng koyok wong sing
disidang ning pengadilan, rasane neng kelas koyok podo turu kabeh, sepiiiii
polll...
“Bocah-bocah, Bu Guru iki ora duwe niatan
kanggo nyeneni awakmu, tapi pengene njelaso utawa ngandani neng awak-awakmu kabeh
ingkang kepriye pentinge aksara jawa.”, guruku ngendikan alon-alon.
“Aksara jawa
iku aksara sing kaluhuran ing tanah jawa saka zaman kerajaan-kerajaan jawa
biyen, iki dadi aksara kesatuan ing tanah jawa, dadine awakmu kabeh ing
Bojonegoro iki kudu iso njagani lan nguri-nguri aksara iki sampe sateruse lan
ojo sampe putus, yo iku sing arep-arepno saka awakmu kabeh iki”, lanjute
guruku.
Aku,
Acong lan kanca-kanca liyane banjur sadar, lek guruku ngetok kerenge iku ing
pelajaran iki, iku tujuane kanggo njagani lestarining aksara jawa, ora ana
maksut liyane maneh. Lan sejak kejadian iku, kabeh bocah ning kelasku dadi
semangat pas wayah pelajaran bahasa jawa, ora mung materi aksara jawa, nanging
ing materi-materi liyane.