Menu

Mampet

MAMPET
(Dening Nurin Ayu Imaneli)
               
Panguripan ing kos ora kaya sing dibayangke, ora kaya kang ana ing Sinetron bocah kos iku kebak raharja, iso foya-foya, metu sakarepe dewe, ora tau di dukani karo wong tua, iso gendhaan karo pacare, lan iso bujuki wong tua jaluk duit alasan iso tuku buku sekolah. nanging, kabeh iku beda 180 drajat karo apa sing dialami Rani saiki. deweke ora iso nglakoni kuwi kabeh amarga kos-kosane ketat banget lan deweke ora iso bujuki  wong tua amarga tanggane lan kanca sekelas e si Dewi mesti ditakoni ibuke Rani apa sing dilaporne Rani bener apa ora, apamaneh deweke ora iso gendhaan karo pacare.

                Pas awal melbu nang kos kuwi atiku bungah, kos-kosan kang disawang saka ngarep katon  megrong-mengrong kayak istana, saya mlebu ing njeroning pager saya seneng atiku lan ora srantan kepengen cepet-cepet ing kamar kang arep tak panggoni. nanging ora kaya ing pikir lan panyawangan saka ngarep, pas Rani melbu ing njero kamar, kamare kebak sawang, kamar mandine rusoh kaya ora tau dirumat.  sajroning kose Rani  ana lima bocah, yaiku Siti, Rani, Ika, Nia lan Dwi. Rani sakamar karo Siti kang dadi kanca dolanan wiwit cilik wis kaya dulur dewe kang hubungane raket banget. nanging, Siti kuwi bocahe kebo.
               
Ing sawijining wengi, sepi mampring wis ora ana wong kang katon sliweran. kabeh wis pada turu. namung ana jangkrik kang ngerik. Rani kang turu pules kaya kebo, dumadakan wetenge Rani krasa mules. Dheweke nangiake Siti nanging Siti ora tangi. akhire deweke budhal ing wc dewean. pas wes bar dheweke banjur nyentor harta karun e, dilalah harta karun e ora iso melbu deweke banjur panik mikirno yen seumpomo sesok kanca-kance ngerti deweke bakal diisin-isin. deweke banjur ngesok kabeh banyu sing enek nang bak iku dilalah harta karun e yo ora gelem melbu. deweke frustasi ditutup closede banjur turu. isuk-isuk deweke tangi lang nggugah Siti
“sit,,siti,, lang tangi kran e ora mekan ayo podo adus nang sekolahan” Panyeluke Rani kanthi swara kang banter
siti banjur jawabi “ la kok iso? yo wes aku tak jupuk sragamku”
sak bar e kuwi cah-cah sing liyane yo digugah lan diajak adus nang sekolahan
                                                                                ***
                Sorene Rani ditanggap karo kanca-kancane, kok kran e iso mampet piye. akhire deweke crito wi kabeh yen Wc ne mampet. ora let suwe wetenge Siti kok yo mules “lho..lho..lho.. kepriye ki? wetengku mules”

Akhire Rani duwe ide “ yowes ndang ayo podo ning sekolahan ngeterno Siti “
kabeh podo ngeterno siti lan kabeh kuwi nggawe cah kos frustasi

                Yen tak pikir-pikir panguripan ing kos ora kayak sing tak bayangno, kabeh burabah 180 drajat. Mampetno sirah kayak mampet e Wc kos-kosanku